100% found this document useful (1 vote)
1K views6 pages

Soal Bahasa Daerah Kelas VIII

This document contains a quiz on Javanese language concepts related to layang (traditional Javanese letters) and macapat (Javanese poetic meter). It consists of 46 multiple choice questions testing understanding of layang structure, language levels, macapat forms, and use of murda (Javanese consonant diacritics). The questions cover topics such as proper layang formatting, distinguishing layang types, macapat poetic meters, and applying murda in written Javanese.
Copyright
© © All Rights Reserved
We take content rights seriously. If you suspect this is your content, claim it here.
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
100% found this document useful (1 vote)
1K views6 pages

Soal Bahasa Daerah Kelas VIII

This document contains a quiz on Javanese language concepts related to layang (traditional Javanese letters) and macapat (Javanese poetic meter). It consists of 46 multiple choice questions testing understanding of layang structure, language levels, macapat forms, and use of murda (Javanese consonant diacritics). The questions cover topics such as proper layang formatting, distinguishing layang types, macapat poetic meters, and applying murda in written Javanese.
Copyright
© © All Rights Reserved
We take content rights seriously. If you suspect this is your content, claim it here.
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
You are on page 1/ 6

KEGIATAN AKHIR SEMESTER

MADRASAH TSANAWIYAH KABUPATEN TRENGGALEK


TAHUN PELAJARAN 2019-2020

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah


Kelas / Semester : VIII / Genap

I. Pilihen wangsulan sing bener !


1. Alat kanggo komunikasi sing awujud tulisan kanthi tujuwan menehi kabar tartamtu diarani . . . .
telegram
telepon
layang
internet
Kunci : Layang
2. Struktur teks layang kang isine nerangake pakurmatan kanggo sing dikirimi layang, diarani . . . .
pambuka
adangiyah
surasa basa
peprenah
Kunci : adangiyah
3. Miturut jinise, layang kirim kaperang dadi . . . .
4
5
6
7
Kunci :6
4. Layang printah sinebut uga . . . .
layang ulem
telegram
layang lelayu
layang dhawuh
Kunci : layang dhawuh
5. Perangan layang sing ngemot papan lan titi mangsa, penulisan sing bener yaiku . . . .
Trenggalek. 20 Maret 2019
Trenggalek, 20 Maret 2019
Trenggalek: 20 Maret 2019
Trenggalek; 20 Maret 2019
Kunci : Trenggalek, 20 Maret 2019
6. Ing ngisor iki kang mbedakake antarane layang resmi lan layang pribadhi yaiku . . . .
ana titi mangsa
ana pambuka
ana nomer layang
ana peprenah
Kunci : ana nomer layang
7. Perangan kang gunane kanggo nudhuhake menawa ana dhokumen kang disertakake ing layang
resmi, diarani . . . .
kop layang
nomer surat
perihal
lampiran
Kunci : lampiran
8. Sarupane layang undhangane pawongan kang lagi nduwe gawe ( mantu, sunat, ulang tahun ),
arane . . . .
Layang ulem
Layang dhawuh
Layang lelayu
Layang ganep
Kunci : Layang ulem
9. Wujude layang kang isine dhawuhe dedhuwuran marang andhahane (saka wong sing dhuwur
pangkate marang wong ngisorane) arane . . . .
Layang kitir
Layang paturan
Layang dhawuh
Layang ganep
Kunci : Layang dhawuh
10. Maksud layang kang ditulis utawa dikirimake kayata : katur bapak saha ibu ing dalem, diarani . . . .
adangiyah
satata basa
purwaka basa
surasa basa
Kunci : satata basa
11. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan
parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku . . . .
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama inggil
Ngoko andhap
Kunci : Krama lugu
12. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang
digunakake yaiku . . . .
Krama lugu
Ngoko lugu
Krama inggil
Ngoko andhap
Kunci : Ngoko andhap
13. Struktur sing nerangake sesambungane wong sing ngirim layang karo sing dikirimi layang iku
diarani . . . .
pambuka
adangiyah
surasa basa
peprenah
Kunci : peprenah
14. Ukara sing isine nyritakake sawijining bab, kedadeyan, utawa sawijining kahanan marang liya
diarani . . . .
ukara pitakon
ukara carita
ukara sananta
ukara pakon
Kunci : ukara carita
15. Kados pundi kabaripun bulik Narti dhateng Solo ?
Pethilan ukara ing dhuwur kalebu . . . .
ukara pitakon
ukara sananta
ukara carita
ukara pakon
Kunci : ukara pitakon
16. Sing kalebu kaidah penulise layang yaiku . . . .
Papan lan titi mangsa – adangiyah – pambuka – surasa basa – wasana basa – peprenah –
tapak asma – jeneng terang
Unggah-ungguh basa – ngoko – krama – krama inggil
Pambuka – isi – panutup
Pambuka – isi – panutup – saran-saran
Kunci : Papan lan titi mangsa – adangiyah – pambuka – surasa basa – wasana basa –
peprenah – tapak asma – jeneng terang
17. “Senen wae mengko bukuku tak jupuke dhewe”. Ukara kasebut diarani ukara . . . .
carita
sananta
pitakon
pakon
Kunci : sananta
18. Basa krama ing pasrawungan gunane kanggo pacelathon kaya ing ngisor iki kajaba . . . .
Pacelathon antarane sapepadhane amarga kanggo ngajeni
Pacelathon wong lagi tepang ( kenal )
Pacelathon antarane wong enom marang wong tuwa
Pacelathon antarane kanca karo kanca
Kunci : Pacelathon antarane kanca karo kanca
19. Ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca utawa sing diajak guneman diarani
ukara . . . .
carita
pitakon
sananta
pakon
Kunci : Pitakon
20. Budhe nulis surat kanggo dhik Rina. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama, yaiku . . . .
Budhe nyerat layang kangge dhik Rina
Budhe nulis layang kagem dhik Rina
Budhe nyerat layang kangge dhik Rina
Budhe nyerat layang kagem dhik Rina
Kunci : Budhe nyerat layang kangge dhik Rina
21. Jenis tembang kang kaiket dening paugeran yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu, diarani . . . .
Tembang gedhe
Tembang macapat
Tembang tengahan
Tembang dolanan
Kunci : Tembang macapat
22. Cacahe wanda saben sagatra, diarani . . . .
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
Guru basa
Kunci : Guru wilangan
23. Cacahe gatra saben sapada, diarani . . . .
Guru wilangan
Guru gatra
Guru lagu
Guru basa
Kunci : Guru gatra
24. Ing ngisor iki sing kalebu jenis tembang Macapat kang nduweni guru gatra cacahe 10, yaiku . . . .
Durma
Asmarandana
Pangkur
Dhandhanggula
Kunci : Dhandhanggula
25. Tibane swara ing pungkasane gatra, diarani . . . .
Guru wilangan
Guru gatra
Guru lagu
Guru basa
Kunci : Guru lagu
26. Tembang Macapat kang nduweni guru gatra 4, guru wilangan lan guru lagu 12u, 6a, 81, 8a,
yaiku . . . .
Pucung
Durma
Gambuh
Maskumambang
Kunci : Pucung
27. Tembang Macapat kang nduweni wata sabar, grapyak lan sumanak, yaiku . . . .
Kinanthi
Gambuh
Asmarandana
Mijil
Kunci : Pucung
28. Ing ngisor iki sing ora kalebu tembang Macapat, yaiku . . . .
Sinom
Kinanthi
Gambuh
Campursari
Kunci : Campursari
29. Tembang Macapat kang duwe sasmita sirna, galak yaiku . . . .
Megatruh
Mijil
Durma
Sinom
Kunci : Durma
30. Tembang Macapat kang nduweni watak luwes, kewes, lan ndudut ati, yaiku . . . .
Pangkur
Dhandhanggula
Durma
Pucung
Kunci : Pucung
31. Aksara Murdha gunane kanggo nulis . . . .
tembung manca
jeneng manca
jeneng kanggo pakurmatan
sasi Jawa
Kunci : jeneng kanggo pakurmatan
32. Aksara murdha cacahe ana . . . .
8
5
7
4
Kunci :8
33. Seng dimaksud wanda iku …
Dudutan
Maknane
Pada (bait)
Suku kata
Kunci : Suku kata
34. Dene seng dimaksud gatra, yaiku …
Tembung
Dudutan
Larik
Maknane
Kunci : Larik
35. Sarupane laying kang isine ngenani kawicaksanaan (keputusan) saka pimpinan sawijining
Lembaga kang katujukake marang pagawene, diarani …
Layang kekancingan (surat keputusan)
Layang dhawuh (surat perintah)
Layang ulen
Layang paturan
Kunci : Layang kekancingan (surat keputusan)
36. Layang kang isine aweh kabar kesusahan / kesripahan, layange wong lagi kepaten, diarani …
Layang kitir
Layang lelayu
Layang ulem
Layang dhawuh
Kunci : Layang lelayu
37. Aksara Murdha ora kena . . . .
dadi sesigeging wanda
dadi pasangan
diwehehi sandhangan swara
diwenehi sandhangan sesigeging wanda
Kunci : diwenehi sandhangan sesigeging wanda
38. Manawa satembung ora ana murdhane, tembung mau . . . .
ora perlu ditulis nganggo aksara Murdha
ditulis nganggo aksara Murdha
diwenehi aksara rekan
diwenehi sandhangan panyigeg wanda
Kunci : ora perlu ditulis nganggo aksara Murdha
39. Murdha tegese . . . .
sikil
tangan
gulu
sirah
Kunci : sirah
40. Sing nduweni aksara Murda yaiku …
Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Ya, Ga, Ba
Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Nga
Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
Na, Ka, Tha, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
Kunci : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba
41. Sing dudu mujudake gunane aksara Murda yaiku kanggo nulis …
Gelar
Jenenge kutha
Asmane wong luhur
Wiwitan ukara
Kunci : Wiwitan ukara
42. Ing saben tembung, aksara Murda mung katulis siji wae, kajaba tulisan …
Gusti Allah
Presiden Jokowi
Nabi Muhammad
Menteri Pendidikan
Kunci : Gusti Allah
43. Ing tata-cara panulisan aksara Murda, sing ora kena katulis aksara Murdane …
Wiwitane ukara
Asmane wong luhur
Jenenge wong lan kuthane
Kanggo nulis gelar
Kunci : Wiwitane ukara
44. Sing dudu pasangan aksara Murda manggon ing ngisore yaiku …
Sa
Ta
Pa
Ba
Kunci : Pa
45. Tembung iki ora mbutuhake aksara Murda yen ditulis aksara Jawa …
Lamsiyati
Darmilah
Rukiyawati
Suswati
Kunci : Darmilah
46. Tembung iki mbutuhake aksara Swara yen ditulis mawa aksara Jawa …
Aku lan adik
Wulan Oktober
Ayah lan Ibu
Ing Omahku
Kunci : Wulan Oktober
47. Gunane aksara Swara yaiku kanggo nulis …
Sabdhangan kaperang dadi loro
Sesulihe huruf kapital
Sandangan swara
Panjingan sing mawa sandangan
Kunci : Sesulihe huruf kapital
48. Tembung: kopyah, yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan …
Taling tarung, pengkal, wignyan
Taling tarung, pengkal, pangkon
Taling tarung lan pangkon
Pengkal lan wignyan
Kunci : Taling tarung, pengkal, wignyan
49. Tembung-tembung iki yen ditulis mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan panyigeng wanda …
Kyai, krai, prelu
Omah, karung, layer
Soto, gule, sega
Mrono, samya, kabar
Kunci : Omah, karung, layer
50. Tembung-tembung iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake taling-tarung palsu …
Tangga, kanca, tamba
Alun-alun, alon-alon
Tandhane, sanjane, gandane
Loro, lara, mrono, mrana
Kunci : Tangga, kanca, tamba

KUNCI JAWABAN
1 C 11 A 21 B 31 C 41 D
2 B 12 D 22 A 32 A 42 A
3 C 13 D 23 B 33 D 43 A
4 D 14 B 24 D 34 C 44 C
5 B 15 A 25 C 35 A 45 B
6 C 16 A 26 A 36 B 46 B
7 D 17 B 27 B 37 D 47 B
8 A 18 D 28 D 38 A 48 A
9 C 19 B 29 C 39 D 49 B
10 B 20 A 30 D 40 C 50 A

You might also like