Babad Galuh I
Babad Galuh I
BABAD GALUH I
Babad Galuh adalah koleksi naskah kuno dari Kraton Kasepuhan cirebon
merupakan warisan karya budaya leluhur yang mempunyai nilai yang
sangat tinggi baik dari sudut sejarah, sastra ataupun disiplin ilmu lainnya.
Agar warisan ini tidak punah ditelan oleh zaman, maka purlu adanya
penyelamatan isinya agar dapat diketahui dan dipelajari oleh generasi
muda.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
01
Ingkang rinipta carita puniki, sasi kalih tanggal kaping sanga, Senen Wage
ing rangkepe, pengeting tahunipun, tahun Be kang hijrah Nabi, sewu
rongatus ika, punjul wolung puluh, ing tahun Be Punika, among angsal
wolulas dinten nenggih, wau ingkang kalampah.☻
02
Awong dening kang anyerat iki, pan jenenge Kyai Serengrana, kang
alinggih Pulasaren, mantrine Sultan Sepuh, pan kalangkung bodho tur
langip, pan ora nalasamwa, ing tawilunipun, waktu anyerat punika, … umur
skeet tahun nem warsi, akatut kang …….☻
03
Nama samya ingkang sami kapti, amaosa carita punka, kang sastra
langkung awone, akathah tanduk kang sigug, poma samya angapunteni,
lan sampun caket pandam, sampun kari luwung, nyanggi talutuh
ngalantang, lawan sampun nyaringin nang iku sami, ingkang sami sudi
maca. ☻
04
Kang pinurwa Pajajaran Mangkin, samantuke sang Ciyungwanara, saking
bumu Galuh nengge mentas praja ji wau, kali Ardhangbang awisik, si
kakang kang mingetan, araga salimur, aneng alas Maostikta, pan si adhi
mangulon ngadeg dewaji, ababaka nagara. ☻
05
….. Pajajaran sadakti, dawuh jengjenan kadang, Cipamali watesani,
Ciyungwanara nurut, ngilen kali kang Ibu Dewi, Rara Kandhegkinarha,
jimat tunggul payung, ingiringi pandhe dhomas, gumurudug ngilen wus
dumugi maring, Babakan Pajajaran. ☻
2
06
Wus kapanggih lan Indang Sakati, kang pinangku panembahanira, kang
gagandhi ing pilungguhe, sang Ciyung angadeg Ratu, iku Indang Gunung
Saketi, kang dadi emban-emban, arjaning sapaku, sinawung galih liniga,
kawula warga Sakati kang uri-uri, kang arjane sang nata. ☻
07
Cantrik Sakati ingkang anami, lawan wau kadangira, kang kocap ing
namane, sikaki elu-elu, Ki Okesa kalawan malih, Empretmohe ya ika, kang
sami amangun, angistreni lungguhira, Ciyungwanara angadedi Sribupati,
ing Nagara Pakuwan. ☻
08
Wus rineka jati pangupami, umbul-umbul kulit wanara, ingkang acemeng
ulese, akadi kulit lutung, kombala buntut sing asami, mangking kombala
badhak, ing waos pangrenyu, godebak bungkul cabolan, kang ginawe
rontek buntuk monyet dadi, sarengga-rengganing praja. ☻
09
Payung agung kulit maung kuning, marapit ing …. Sang Nata, sangkep
sami kaprabone, …. Wus gemuk, kang ngaolatingkah negari, ical
jenenging wana, dumadi praja gung, agenging kawula bala, pasar ageng
pan samya suka ing ati, ing sadina-dina rena. ☻
10
Andrawina kang kawula alit, gemelane reyog ngimba sraya, tampingan
gunung arame, dhog-dhog byos pan dharugdhug, kang tharokthok egar
kapati, rame kang surak-surak, kidung sari baung, sundari alas langenan,
kikitiran ing pucuking lingga sari, jemegur yen kaginan. ☻
11
Yen bondanan pandununging…., pan jumegur lir mariyem kang swara,
kang winangun … unen-unen, ing siang lawan dalu, Maha Raja ing
Pakuaji, Prabu Ciyungwana, riniyung ing sagung, warna rupaning
sambawa, sato-sato kang bisa akata jalmi, sok lutung kidang ika. ☻
12
Kang mambangan ules gumaringsing, kebo bule bungkul kang pancal pat,
padha icep bal makabe, gelap pon sami ngulun, angintali barat angabdi,
iton-intin liwurkali, jurig dewa mambar, sabawaning ratu susupaning wasi,
lir kang estu ajar padhang. ☻
3
13
Ajar Padhang ingkang dukmadhemit, ingkang murwa sagala jagat, ing
Pajajaran tanggale nuli…., dhasar masih sedhepan daging, rai awujud
buta, purwa sing Cialur, rarakandheg mila dadya, pangrampiging menak
Cidahur nyungkemi, purwaning abal raja. ☻
14
Datan roro tetelu ing kapti, isa baisa Dipati Alurcenang, ing Pajajaran
suude, santana kinabandu, ragem-ragem mariboting sih, sadasa sami
prapta, akidang kandhuru, Kikandhuruwan babalban, seja tuhu genya
karsa angabakti, amegeng sewakanira. ☻
15
Mangunaken sagung kapurati, lembah dhuwur lan pintu tundhaga, saha sri
ing samandhepane, ngajangaken alun-alun, …. Pasowan panggenan aji,
kang kepering angi … puraken gunung, limbung aning guwa santang,
nengenaken sasagaran giri tasik, ngajengaken bomanta. ☻
16
Sabandare sing sabrang sumadhing, paningadhun sang Bima larang, Sri
Jampang sarta jinggine, gul menak umbul adhu, rang-orange jinunjung
inggil, anyakra kapatiyan, ing Sundha ginunggung, pating rangu rangu
Sundha, pan sirnaning ratu sukma ing pati, amageng kawicaksanan.
17
Pan kapati kang duweni manis, cina Sundha kawilang lilima, ingkang
kacepengan dene, Ki Ardha mangun gen trahe nenggih, ing Pahing
dintenira, andhum wancinipun, anyepeng para gul menak, pasisihan utawi
manca nagari, cekelan mangun gentra. ☻
18
Ki Tumenggung Sayoga nyepengi, ….ing sawancinira, angrekuricak
cepenge, ing ayunan sang prabu, pan acaos basa ing aji, dupi ingkang
kang nama, Demang Elu-elu, dine Wage jaganira, anyepengi putusan pra
padungapti, ing bener lawan salah. ☻
19
Kang Ngabehi Lempretmonge kang jagi, dina Keliwon cinepengan, prajurit
ing sawancine, ing ulu balang wau, sungga watang sarampang bandring,
kukuh ing pat Pakuan, sinaroja umbul, dalem ingkang kuna-kuna, samya
ngidhep ing Pajajaran angapti, nalika binathara. ☻
4
20
Ing Ciwindu anteng ….paning, dhalem Tepus nalika wong kuna ing
Raja….., kidhalem kuwu agung, Sendang Cibuntu ing praja ngapti,
dhalem demang kangene, sindhang kasimanut, lan ki dhalem
Cintangbarang, dhalem Pakulada dhalem Pakuaji, dhalem Rangga
Pakuan. ☻
PUPUH II
PANGKUR
01
Angir-angir ing buwana, pangaline rara nama Mundhing Jamparing, lan
kang namane sinebut, Kalibadhaglolopak, kang kinarsa angirupi para ratu,
para idhang kang primanca, nagara urut pesisir.☺
02
Nyata sang roro ponggawa, sampun mentar kalawan idhine pati,
naklukaken para umbul, para dhangan pasir panjang, sang dhang bana
Ujung kulon wus anungkul, Pasir Adu Pulangdhang, sura sowan sabrang
pati. ☺
03
Banten …. Ujung Maladha, Menak Lampung sadasa kang ngapti,
dhumateng sang Raja Ciyungwanara Pajajaran, apa maning sang dhang
Jakerta panadhun, Jograt Lantan Tawangpadhang, Karawang lan
Ujungmilir. ☺
04
Losaribang kulon miwa, Palimanan Carbon Girang katiti, Jepun kulon
gumulung, Indramayu lan Kondha, sang Srijunti sang Kalana
Kandhanghaur, sadasa akedhep samya, ing Pakuan Pakuaji. ☺
05
Amung siji ingkang nyelap, ingkang ngambek sucira angrasawani, iya iku
nama ratunipun, Raja Mongkara, aneng Ujung Batagonggang …ipun, estu
tan arsa kedhepa, ing titah ….aji. ☺
06
Kocap bala Pajajaran, seja lurug dhatmakaning kulilip, pirang-pirang bala
maju, daman pangunjung tanah, bala Sundha ngadhaning rangseng
padha kawur, dhening prahara lautan, tanpa sangkan breking angin. ☺
5
07
Wong Sundha ingkang prawara, pirang-pirang ambalan tan budhihi, tan
maju kadhadhak kawur, tiba ing sawah-sawah, ing tetelar aniba pating
talumpuk, lir walang kawur prahara, manglkana sandhenging wani. ☺
08
Salamine ing ngayuda, datan ana wau ingkang ngucili, enggal pan sira
alaju, yika Badhak lolopak, sabab bareng rereping kang lisus, den age
caked….., anila bimi ning angin. ☺
09
Nadyan …. lan jajal, pan pinanggih lan Sindhang Mongkara aji, yaganal
pamuwusipun, la iki kene apa, wong Kajiwa bumi re gelem nyangkul
tembene ya ing amendhak, ingkang kadhang raja iki. ☺
10
Puniki bumi Pasubdhan, ingkang estu warise juragan Ahing, pusaka sang
Prabu Galuh, kang wus merad susirna, mangkana Ratu Sundha kang
dhadha susulur, amisesa sasigar Jawa, iki kang si rajeneki. ☺
11
Kukubaning Ratu Sundha, apa gawe si rajenak ing riki, den ora gelem
anungkul, ya para age bu………, ana jenek enggon kene sira iku, ….. kang
ora suka, dhen dhadhi kulilip. ☺
12
Raja Mongkara panabda, Lalangkara ewong dadi kulilip, lawan
Anglangkara ratu, adhuweni buwana, pan buwana Dhangwinta ingkang
ngawangun, ratu mung ngaku kewala, padha ewong ambeneki. ☺
13
Padha bae suwaningwang, apa bidhane tunggal enggoning bumi, sira
ingkang selang gumun, ambeg sawenang-wenang, budhi kethek napsunira
kaya asu, Badhak Lolopak jal Kidang, anubruk dhateng sang aji. ☺
14
Sigra sang Raja Mongkara, matek mantra dhal emesal menginggil,
anyepak maring kang musuh. Kontal Badhak Lolopak, niba tangi anubruk
mali dencawuk, den balangaken …., tiba tangi ngudhak maning. ☺
15
6
16
Tan kena aju narajang, kasektening Mongkara wantuning, putraning
Bramana Laut, mila Dhikbo samana, semunira karsa angadhoni ratu,
ingkang mangkono ngadheg anyar, ana ingsun ya negari. ☺
17
Ora kaya Ciyungwanara, jar akathi Indang Gunung Sakathi, ingkang
kaparing …, ing Munting Jamparing, aja sira papa … iku, balikan
sulusupana, api-api saha ngabdi. ☺
18
Kawula nana ngendhatna, yen wis kanggep tungkuling wong aurip,
colongen ika kang tuhu, ing Kahuripanne raja, kang dhen wadhali Beruk
Kalapaciyung, den wus kaebut kang jimat, mangsa suweya sasakti. ☺
19
Yata munting Jamparing, lumaksana sawisiking Yangnini, ing
Batagonggang angulun, watara satus dina, wus uninga pancing surupe
Yangwiku, Beruk jimate Mongkara, pan gawa minggal tumuli. ☺
20
Katur ingarsaning Ingdhang awan, Munting Jamparing angadhepi, maring
panusuling musuh, yata kang bala Mongkara, gumarudug anusul …. ipun,
….. padha soroh ambek pejah, wong … angladosi. ☺
21
Ramya ingkang pancaraga, papaning bala mapan saolih-olih, bala
Pajajaran kondur, sinerong ing amukan, wadya maju Badhak Lolopak
alaju, bala Mongkara kokalan, kondur dening Badhak muring. ☺
22
Raja Mongkara naraji, Badhak Lolopak sampun kawalik-walik, satengah
pejah dhen pupuh, Munting Jamparing lawan, lami rowang anyekep
marang sang ratu, Raja Mongkara sira, pan Silepe saking wingking. ☺
23
7
Dug Munting Jamparing, pan satengah pejah den wali-walik, tan adangu
Indhang Gunung, saka tiyang amba …., … jejel paring pitulung, andhawuhi
kang udhan krama, Raja Mongkara mudhidhing. ☺
24
Angeles lumpuh entro raga, wus andhepok ing sihi tanpa sakti, yata
prasami rinebut, ing bala Pajajaran, Raja Mongkara dhen asandhangi
dhata tangsul, kasri ing babadhanira, miring Prabu Pakuaji. ☺
PUPUH III
SINOM
01
Iya iku purwanira, Lalopak lawan Jamparing, Sinungan lenggah arya, Ki
Arya Munting Jamparing, lan Arya Badhak Lolopak, pan iku karananipun,
olih gaweyan manca nagari, Raja Mongkara sampun angangya sewaka.♥
02
Aturing kang para … kawitan, dhumateng purba nagari, Pakuwan …
Ciyungwanara, Ratu Agung Sundha sakti, ingapingan jeng nini, lintang
saka tipun niku, timbul salir wirasa, sastra Sundha kartajani, sastra selawe
gumelar ya ing Pasundhan. ♥
03
Lan rarasaning manusa, gawe ewag saking Jawi, ngamperi rarasan
sabrang, basa Sundha kang panuji, mangkana arsa aji, Kanjeng sapta
loka, iku ingkang sawiji, Kutha Manggung Kutha Raja kutha Gara. ♥
04
Kutha Larang kutha Jampang, kutha Idhang apa maning, kali prakwise
nama, gara tengah gara jati, gara … gara wangi, gara aji gara pagu, gara
jaya kang …, … tigang prakawise nami, Sundha sari Sundha lengdha
Sundha larang. ♥
05
Sundhawestu Sundhasana, Sundhalayang Sundhajahi, lawan prakawise
nama, Ujungkulan Ujungbumi, Ujungkembang Ujungsemi, Ujungtana
Ujungbarung, lawan Ujungkandhi, lan gangsal prakawise, Bantalwaru
Bantalwire Bantarjaya. ♥
06
8
07
Medhangdhatar Medhangpala, Medhangrasa Medhangterik, lawan
Medhangkawiraja, Medhangko … sajati, sapta loka wus dadi, gumelar
rajaning ratu, Sundha Amalatra, Ciyungwanara pakolih, garwa padmi
saking Gembong arah wetan. ♥
08
Kang kasebut ing paparab, kang nama rara Cunggilis, kang pinangka
prameswara, ing Pajajaran sang aji, ing wuri-wuri jati, ing kadhaton dhalem
agung, ratu Cunggilis krama, Ciyungwanara wus mijil, putra estri kang
paparab ing arja. ♥
09
Putri Purbasari mulya, ing pura Sundha negari, pinutri-putri ing nata,
ingadhang agung ing aji, karaname narpati, … putra jalu, amung ika
wanodya, … jayeng aji, dumadiya turun saluraning raja. ♥
10
Putrining Ciyungwanara, ika putri Purbasari, komalaning dhalem pura,
Sundha ora nana maning, dupi garwa sembar ayu, putri saking
Bangbayang, sang korone becik-becik, nami Dewi Tingtrim wawanginira. ♥
11
Lan Dewi Markeseh kembaran, Martingtrim ingkang yumani, iku kang
Pajajaran, Markeseh ingkang yumanibini aji ing puri, Pajajaran kaliyipun,
kagarwa dhening nata, nanging boya amiyosi, sakaliye ing gigabug tan
aputra. ♥
12
Mila … Banghayang, sanget kaul-kaul mambri, … kagungan waya, kang
miyos saking narpati, prandene … yakeni, esi tan kena tinedhu, akathah
ajar bramana, kang jinalukan jajampi, parandene oranana siji laksana. ♥
13
Martingtrim Merkedheng lunta, gabuk ora amutrani, nuli sang
Ciyungwanara, ngalap garwa malih milih, ingkang tedhak sisiwi, dreman
9
ing sabronjotipun, wonten malih kang putra, menak Cicilutung gelis, kang
kekasih iku Jeng Dewi Anjatan. ♥
14
Ing Pakuwan pinakrama, wus angapti maha dewi, dinama-nama ing
marma, parandene tan mutrani, gabug salami-lami, usada … wus tepung,
tan ana leksanannya, sang Prabu …, agagarwa saking bebeting Bramana.
♥
15
Putri saking Kandhanglarang, sinedhepira dumadi, katur ing nata
Pakuwan, nami Dewi Kilikmangi, ginawa ing sang aji, mapan mangkana
agabug, datan miyos putra, jajampi sing ngenda-endi, ora nana ingkang
darbe laksana. ♥
16
Lir ta selirnya marapag, langkung kawandasa sasi, ingkang ngadining-
ngadenan, rinegep sari ngumining, iya orana siji, ingkang amiyos sinunu,
gawok kasri nalendra, dening mung kalethek siji, Purbasari wadon kang
winadhang-wadhang. ♥
17
Saluraning Pajajaran, mila saderenge lalis, sang Prabu Ciyungwanara,
krajahan dhen palipur, saparoning pribadi, saparo ing sunu ayu, … kang
upacara, cathik-cathik raja peni, sapaliye Purbasari kang ngagem. ♥
18
Dugi maring pabarisan, sapalih ngapti ing siwi, Bawatbenggi sari Manglar,
Bawatciyung Naga Sakti, judhipatnantang weri, judhialiman sang dhekur,
suradhadhu sarabang, kereronce kereampit, dhadakpulur wigalba
wiragalba. ♥
19
Purbasari lan kang rama, kadi kembaran narpati, supaya wadon lan
lanang, ajumbula moning angaksi, dereng karsa alaki, yen tinaros banget
lumuh, tan kenging dipun purba, dening karsaning narpati, para ratu kang
karsa … lesan. ♥
20
Pirang-pirang kang sewaka, ambaka … pikulih, kang arsa sewa panglami,
nanging datan den pidhuli, akeh kalesan balik, ana baliking dhalanggung,
10
sing sabrang saking Jawa, kang akarsa samya balik, padha mundur mulak
ora tinampanan. ♥
21
Ajaja sipating jalna, sedhengane dewa aji, padha mengga ing ngalama,
kapepes ing tan kaconggi, ingkang mara-mara balik, ingkang mara-mara
kondur, Prabu Ciyungwanara, rada melang-melang kapti, bok sang putri
kencok aning mamala. ♥
PUPUH IV
KINANTHI
01
Sagung papalisanipun, saking kang rama narpati, kang ingarsane si rara,
pan mangkana wangun mali, sapta loka pari mina, ing ngarsane sang
Dewi. ☺
02
Saprakara kang sinebut, Budiwati Budiminging, Budirujit … Budi …,
Budisari Budigolis, Budipandhang miwah ika, rong prakara ingkang nami.
☺
03
Luwilaja Luwilidhung, Luwiseeng Luwimundhing, Luwiladha
Luwidhingding, telung prakarane nama, Sokapura Kokaaji. ☺
04
Sokapolang Sokaratu, sokawiyana lan malih, Sokamanah miwah ika,
Sokanegara apa maning, patang prakarane kang nama, Kawungluwih
Kawungaji. ☺
05
Kawunglarang malih ipun, Kawunginten Kawungsari, Kawunggehe
Kawungomas, limang prakarane kang nami, padhapenah padha bongor,
padhamatang lawan…..☺
06
Padhamuhi padhamadhung, padhareka padhamuraging, nem prakarane
kang nama, Sabdanawa Sabdasari, sabdamenyat Sabdawangi. ☺
07
11
08
Sampun ing kadya puniku, kng simaan rama aji, dupu rangga kapatihan,
dumateng putri Pakuwan, Jeng saputri Purbasari. ☺
09
Dupi ingkang rama prabu, Ciyungwanara ingabdi, dening Arya
Mangunkentra, Karapu Yudanegari, ing sapandum-pandum nira,
Mangunkentra rada ….☺
10
Rang-urange pandumipun, Menak Mangun … praniti, raja Galuh lan
Talaga, Kuningan lan Sindhangkasih, Ciamis lan Sokapura, Panjalu
muwakawali, pusaka kawuri-wuri. ☺
11
Cikaso lawan Luragung, Makber lan Cipamali, Lebakwangi lan Cikuwang,
sapure kang katiti, Cigugur lawan Cirayap, Cionje lawan Ciori. ☺
12
Cikendheng lan juga Cigintung, Cibarangbang Cipaburi, Cikandhang
Cicaridhangan, Ciakarwangi katiti, salwe princi kawilang,
Menakwacacayan istri.
13
Purbasari kang amengku, la iku dadi laluri, teka ing satedhak-tedhak,
lamun pajajahan istri, iku sun dak sigar wetan, prawatesanipun kali. ☺
14
Bayabang kali Cilutung, mangetan jajahan istri, Menak Pakuwan ingaran,
pusaka kawuri-wuri, dupi sing kalih bayabang, mengulon iku kang dadi. ☺
15
Pasawahan ramanipun, Ciyungwanara apa maning, Menak Pacacahan
lanang, laluri ugi salami, kang nama Menak Pradhangan, sigar kulon sun
dapuri. ☺
16
12
Pon salawe princi umtul, Ujungkulon apa maning, Bogor lawan Kanjapura,
Kadangladhang Pasiraji, Cianjur Kujang Limbangan, Sumur Bandung
Sunedang aji. ☺
17
Manonjaya Garut Ciaur, Batuwalang lan Biribis, Sawung … Gantilah
Munoro, Tegaluwar apa maning, Cikokok lan Nungkalaya, Sokowiyana lan
malih. ☺
18
Wanabaya Cibalagung, ukurlantara Juangin, salawe princi kawilangan, ing
pajajahan angabdi, wengkuning Arya magentra, ing ngarsa Sri Pakuaji. ☺
19
Wus kukuh kang bala ratu, jajahan Sundha nagari, sang Prabu
Ciyungwabara, kang angresa hawa aji, karata gampang pangulatan, kang
sarwa tinandur dadi. ☺
20
Sakalir karsa kadulur, agung kacipta dumadi, nuli ika garwa lima, jeng
pawestri Cunggelis, maringtrim Merkedheh mewah, Anjatan lan Giliwengi.
☺
21
Sami sinunut cangkohipun, mangkana kang prameswar sinung
cacapagunungan, gunung Ga Gunung Licin, gunung dhukut gunungsira,
gunung Lajer gunung Kelir. ☺
22
Kapituning gunung wupu, Parakatan pawestri, dhupi iku aneng ana, sinung
pobojongan menggih, Bojonggaluh Bojonglapang, Bojongnerwasa
Bojongleppit. ☺
23
Bojongmuntas Bojongwindu, Bojongrentan ingkang dadi, Parekatan iku
Sundha, dhupi sang jeng bini aji, sinung sasapetegalan, Tegalkolot
Tegalpakaji.
24
Tegalmenak Tegalbaput, Tegalgubug Tegalkunyit, Tegalmoto ingkang
dadya, Parekatan bini aji, dupi maha Dewi Sundha, kang sinung sasapan
indhi. ☺
13
25
Paindhon kang winalungun. Indhupari Indhuaji, Indhujanten Indhugirang,
Indhuraga Indhusari, Kapitune Inddhujaya, Paraketan nini aji. ☺
26
Dupi ingkang Dewi matur, sinung palebak kalepti, Lebakcenang
Lebakcehang, Lebakpanjang Lebakwangi, Lebaksidhu Lebaklenggar,
Lebaklawang wus dumadi. ☺
27
Sawawasa prati umbul, ora selang surup apti, iku rerekan Pakuwan, bedha
lawan Majapahit, golong sapurba sasmaya, dhupi Pakuwan Marinci. ☺
28
Temah dedeake Ratu, ing Pakuwan ikut yakti, prasasat den prenca-
prenca, kamukten den bagi-bagi, mangkana adat Pakuwan, kang kanggo
salami-lami. ☺
29
Mula akeh menak umbul, ingkang satta sabumi, mila-mila kawisesan,
angreka sabagi-bagi, waneh kang campur wong sabrang, anggelar enak
ing urip. ☺
30
Padha among sanak sambung, kinalilan purba bumi, waneh ingkang
leletana, kasilane den remani, dening kang padha anyewa, maring bumi
ming narpati.
31
Sewa aning paken agung, pamule pegantang salir, ingkang mawa
tatakeran, pamajeganing pangumping, anut maring kasabpolah, tukang
maring pajeg trasi. ☺
PUPUH V
ASMARANDANA
01
Ki Lurah Rawaprasmi, pamajegane gugubar, iku Ratu kang dheres,
pamajeganipun gula, Ki Lurah gurupadha, pagantang pajeganipun,
mangkana kang lurah wana.☼
14
02
Ateka yu kang lumari, kang sabandar pajeg ira, kekendhangan kang isine,
lelemes buwatan sabrang, ingkang lumampah ing Sundha, kethang
prunggu kang sinundhuk, ing tatali karompyangan. ☼
03
Bolong-bolong kaya dhuwit, bendher den cap sastra Sundha, kus jembar
kahuripane, sawah tan mawi lalanjan, mung den wis panepadha, atur catur
baktinipun, wus dadi anak Pakuwan. ☼
04
Palawijaning wong cilik, den elus sakamya-kamya, ora nana pajegane,
sailing-elinge padha, babakti ing majikan, yen wis padha ngundhuh-
undhuh, tangu gegel ing majikan. ☼
05
Warnanen sang Pakuaji, ing salamine amurba, ing Pajajaran tuwuhe,
kewuhan dening kapadha, akarsa ing sang rara, Purbasari naminipun,
mingkung dhatan arsa krama. ☼
06
Wanti naros ingkang yudi, ature wau kang putra, tan arsa akrama ingong,
sanadyan para nalendra, kang karsa dhateng kula, besane lamon kinuwu,
pinardhi ingwang tuwa. ☼
07
Kaul alukan mati, sumadi isun akrama, iku kang dadi pegele, manahe
Ciyungwanara, re kang putra samana, tatambah wus mider tepung, ora
nana kang tumama. ☼
08
Wus pirang-pirang pamuji, wiwiku lan ajar-ajar, ponora tumama kabeh,
japa mantra lan istiar, ora nana kang misata, sang nata sanget gegetun,
tumon adate kang putra. ☼
09
Kalangkung bebek ing pikir, reiku kang kinudhang, winadhang-wadhang
wiyose, turunanira drapona, marna bangsa raja, dhupi iku teka mingkung,
tan ana turun tedhakan. ☼
10
15
Du uwis amung sawiji, wadon tumuli mangkana, tan kena den palar
mangke, turunan lantaran krana, dupi den lumuh krama, temah puthes
anak putu, kang dadi bebeging manah. ☼
11
Ratu Sabrang Ratu Jawi, kang asresewa panglamar, iku dhipati
Manglewat, saking anagara Tuban, lawan Dhipati Japara, lawan Dhipati
Cidah, lawan Arya Balangbangan.
12
Saking sabrang Raja Kelir, lan Dhipati Singgapura, lan Arya Dhagdhagase,
suradil pan titah raja, sakabeh ika padha, anggondhel prakara iku, ing
Prabu Ciyungwanara. ☼
13
Ruru bae anggonturi, wus loba tanpa wilangan, mila sanget kewuhane,
enggone nari kang putra, dhadhak sakala ika, Purbasari inggal mangun,
tumanga geni sakala. ☼
14
Ageng ilur sundhul ing langit, marakbak kagila-gila, lir baronggong
beledhoge, wuku pring apilar wangwa, Purbasari dhuk sabda amit pejah
rama prabu, den kula pinardi krama. ☼
15
Alum kula anglabuhi tumangan geni sakala, jasad kawula sanggine,
tumpes aja katingalan, ing kadang ing ngakin, den nama kumudu-kudu,
kawula sumangga pejah. ☼
16
Sumandika umalaki, kaprawasa dening priya, tan kangkat to nandhang,
wirang nekaringgit ing jasad kula, kang dados sakiting manah, ajur kula
dados awu, sama dening kula wirang. ☼
17
Jaler punika kamangi, sasada susut den wis waya, way kalereng
anggepok, den sampun gepok ing rasa, mundure tut sausap, atemah
boten mambu, boten memper dhateng rasa. ☼
18
16
19
Lan aki sumamung aji, mung sira tan ana liyan, kang dadi ati ewuhe, sipat
matane si rama, mongsa pira gesang, sanadyan nama sihing rupa, anak
putu den arampak. ☼
20
Babarayan ngadek aji, ing kamukten padha uman, padha bareng mukti
kabeh, lan anak putu den rampak, ingson kang urip dawa, anunggoni anak
putu, sing purwa teka daksina. ☼
21
Mangkana prangregep mami, Dewi Purbasari girang, mintuhu sakadikane,
kang rama kadi mangkana, nanging ika tumangan, tan asung pinancas
parum, masih munjuk kang dahana. ☼
22
Den pinaksa alaki, sejane labuh dahana, mila tumangan masihe, kang geni
gupak cawisan, Den Purbasari medho, wawadine kayak iku, ora jamak lan
manusa.
23
Sang Ciyungwanara aji, sak akal budi pandaya, amangsuli kang
anggondhel, raja-raja atas sabrang, maredheng … maksa, jamak istri
asasdhu, tinari laki popoyan. ☼
24
Mangsa wontena pawestri, tinaros mangsuli iya, utawi kaluncurane,
sesaengek jamak wanudya, tan nilapaken rama, den jeng rama sampun
asung, sang putri juwala purap. ☼
25
Ciyungwanara mangsuli, den kula pundhi kentasa, mangke kang dados
parenge, kang suka punika rara, den sampun bubudayan, karanten dan
mangke tulus, dados awu lelebaran. ☼
26
17
Ika iki kangngangking, kawula kelangan anak, prandene den anakake, tan
kaya dening dadaman, amung siji anak kula, nuli ika temahan lampus,
karinggi awak kawula. ☼
27
Raja sabrang mangkeya angling, sak lilaha ing jeng rama, aweyos geni
jatine, tumangan kita pri pejah, rumuhun kita lanat, sasampuning geni urut,
kita sami medhek sowan. ☼
28
Ling sang Putri Purbasari, andhadhanr untunging awak, sing ngakenggep
ing babajane, kang boten kanggep sanjata, ing cilakane awak, tapi punika
satuhu, boten dados pana sarana. ☼
29
Panuhun raja tas angin, kasabrangan pan sadaya, maketen ugi ciptane,
memanten dados ing karsa, raja rama Ciyungwanara, dipun jemba ing
pamuhung, ing songonging kasabrangan. ☼
30
Bilih boten angrakepti, ing adat tabidat Sundha, nanging putra sabrang
kabeh, rempage kadi mangkana, munggi kang rama lila, saduka-duka
kasuhun, anuhuning palamarta. ☼
PUPUH VI
M I J I L
01
Ya Prabu Ciyungwanara mangsuli, boten wonten roro, ya tetelu aturku
sajatine, gih punapa karsa putra aji, kawula dhuluri, sok dadiya arju.®
02
Sampun nelangsa ing salasa tunggil, punika kang dados, panedha kula ing
sadayane, para putra sing ngatas angin, pan rama ing uni, dhateng
saenipun. ®
03
Kula tempuhaken lawan nalisip, bilih putra mangko, nuntenweleh geni
boten moset, karanane punika kang geni, dede geni pranti, sampun
kadhalangsu. ®
04
18
Heran kula ika geni, tan wonten sosolot, manther angger tan ana surude,
kula dhugi wonten nyurupi, adhining asakti, kaduk mahinggurut. ®
05
Raja-raja sabrang aturnya aris, gih cobi kemawon, geni lawan toya
musuhe, kang atos inggih dipun linggis, mangkana kang inggil, dipun
sengget runtuh. ®
06
Ingkang letak dadi pujajagi, kang suker tinatas entong, lagi laut kang jro
jembare, kenging ugi den silulupi, lan dipun langeni, kalawan parahu. ®
07
Punika malih wernine kang geni, gampile kang mangko, Prabu
Ciyungwanara sahure, la inggih sakarsane sami, kahula kang nguning,
dhateng saenipun. ®
08
Ya ta raja sabrang ting padhigdhing, reka-reka gatos, ting surakata ing
sahakale kabeh, gawe pongpa kang anemburwarih, wane gobakwari,
sisrate mancur.
09
Ana gawe banyu janantrawis, warna-warna katon, banyu pecut kang
munjuk mancure, akal sabrang ing sabagi-bagi, ana gawe banjir, bumi
metu banyu. ®
10
Sigegen ingkang sabagi-bagi, kocapan sang katong, ya sang prabu
Ciyungwanara jatine, kawalahan anglaladeni, maring kang ngamambri,
dhateng putrinipun. ®
11
Sya kathah kang para bupati, kang sadya patakon, kang anglamar tiban
sampire, ruru bae wus anjaladri, pangumbuk-umbaking, rurubahing ratu. ®
12
Ing alun-alun wus dadi ukir, kang murut mrangmong-mong, ya sang Prabu
dereng nampani karsane, dening ewuhe putraneki, lumuhe tan apti, ewu
mana para ratu. ®
13
19
Kang wus sewaka kulina ngasi-asih, ing praja gung kono, ratu papat iku
rurubahe, Palimanan kalawan Junti, Ujungtanah malih, lawan
Kandhanghaur. ®
14
Sakapate anjum aminta kasih, lan putri ajodho, dhalem Palimanan wau
sewakane, sayajenggi lawen manggi kardi, den panjer dumadi, buta geng
asiyung. ®
15
Parandene ing putri den tampik, enggo apa thongsot, buta ngengenggo
apa gawene, aneng kene anjejemberi, gewe ingkang tewi, lan gawe
tahinipun. ®
16
Dalem Ujungtanah kang panggapti, maring putri kono, Sadhajenggi matur
kasaktene, la den nemu gawe ika nuli, den panjer dumadi, musuh datan
weruh. ®
17
Dasa rupa merat sampurna lalais, la ika duk pahor, ya prandene tan
kanggep sawakane, dedenira jeng putri anampik, enggo apa sakti, kaya
kuwi niku. ®
18
Merat-merat apadu menesi, esak-esak katon lawan katon, la saka sanake,
ora papa mungguhing mami, sakti kaya bellis, anyiluman kidul. ®
19
Dalem Munti ingkang pangupami, dateng putri kono, kang walira katimaha
gawene, la den karsa lulumbaning tasik, binuwang dumadi, buhaya tan
untung. ®
20
Jajar-jajar kaya gethek ramping, atur karsa kang akon, parandene tan
kanggep sewakane, ing putri den tampik malih, enggo apa sakti,
bubuhayaniku. ®
21
Gigilani mungguh ingsun iki, ora rerengkono, endah rama malih prahuake,
anganti kang buhaya jiji, ora sudi mami, ingkang kaya iku. ®
20
22
Dalem Kandhanghaur kang pangapti, rasukan kang poleng, kang ulese
loreng lir kulite, wohing lir kulite, wohing rarawe lir wulu kucing, saktine den
manggih, gawewan rinusak.
23
Nuli katon macan ageng wingit, nangkono den panor, parandene tan
kanggep sewakane, dening putri tinampik malih, enggo maning, baju kaya
ikut. ®
24
Dadi macan apa gunaneki, esak-esak ewong, nuli dadi dato sanepane, ina
temen mungguhing mami, jalma nyarupaning, maun padha iku. ®
25
Ora layak temen mungguhing mami, sakti kang samono, ya ta atur-atur
balik kabeh, datan ana kang kanggeping putri, Purbasari apik, nanging
kersane sang Prabu. ®
26
Ciyungwanara mgadheg pangabekti, sanadyan tan kanggo, tan kaserep
ing putri karsane, iya Endah Kitarawati, jingika kasaktin, bok menawa
besuk. ®
27
Ana gunane ing sawuri-wuri, ngulatana ayo, dupi iki yawis teka dhewek,
amung kita darma ngopeni, simpenen kepati, rang-urange gupuh. ®
28
Gemenana ing kawan prakawis, ing gedhong kilempong, gadha dalem
pakuncen kang gedhe, pramilane Pakuwan darbe asakti, ingkang kawan
warni, iya saking iku. ®
29
Saprakara Pajajaran bangkit, nyipta buta ijo, iya saking Palimanan asale,
rong prakara ing Pakuwan bangkit, ora katon dening, pambereging musuh.
®
30
Kadi merad sapadhaning lalis, sada kang den enggo, den panjer dadi ing
wiyange, Pangroban ya sakti saking, Ujungtanah pasthi, ning mongkara
windhu. ®
21
31
Telung prakara Pakuwan bangkit, cipta buhayangon, saking Juntu tudu
pinangkane, patang prakara ya bisa dari, macan cipta saking, dalem
Kandhanghaur. ®
PUPUH VII
MEGATRUH
01
Kawarnae ingkang padha sungguh-sungguh, sadaya pangngabakti,
warnanen ika sang prabu, sabrang amateni geni, sareka budine entong.©
02
Banyu singsor sing dhuwur padha maribu, rebut dhingin den dhingini, duga
kaya udan ribut amalabar ingkang banjir, sing lor sing kidul sing kulon. ©
03
Saking wetan campuhe wau kang banyu, prandene tanmigateni, geni
manjer tanpa surud, urube angger tan gigis, gumuruh sorak bala wong. ©
04
Ladalah rekaning wong sabrang gathul, prandene pating padhig-dhig,
angraba kena ing banyu, banyune cabar cawiri, ratu sabrang nyata wadon.
©
05
Ora pira budine pating dharug-dhug, tan bisa meteni geni, prandene
kadhuk asanggup, sumagar ngarepi putri, iku dumehne wong wadhon. ©
06
Kaparimen yen wis geni ora purum, iku geni ngisin-isin, wong Pajajaran
gumentur, surake kang para aji, raja sabrang kaliwat ing sor. ©
07
Saya santek geni tinuruwan banyu, kaduga pitung bengi, tan ana
endhaning banyu, naging tan bisa mateni, maring genining manon. ©
08
Manonjaya pawestri jeng Listupaku, dangu-dangu ika warih, dadi wedang
mulak metu, gawok para narpati, budi rekane wus pokok. ©
22
09
Kawirangan dadi sira padha ngandhu, prasami apikir-pikir, iya bener ing
sang prabu, Ciyungwanara duk angling, ora yamane ya ewong. ©
10
Purbasari genine patut den iku, iya ana kang nyumurupi, gelare ya kaya
iku, ora mati dening warih, la iki intening wadon. ©
11
Duk angandut nuli ana ingkang laju, kang anglosot anganjerki, niyat sami
tur garumbyung, seja amateni geni, saha kala akalengkono. ©
12
Dalem iban Palimanan lanunipun, anyangking sadanya jenggi, dadi buta
sada iku, prakasa raksasa gasik, munggah ing gunung den enggo. ©
13
Angurugi geni wus jumegur-jegur, nanging ora dadi mati, mundhak dadi
urub-urub, lema dadi wangwa geni, muwuhi gedhene katon. ©
14
Ya muwuhi gedhene ing urubipun, buta ilang tan nguwali, atemah geni
dhuwur, dhumadi ana gumanti, dalem junti denya norong. ©
15
Lan walira katimaha buhaya muncul kapethakan ngebyuki, padha
anyunguri urub, wangwa ambles geni masih, buhaya musnah kalowos. ©
16
Gene pager ora nan sudanipun, jer si geni den surupi, dening rara panas
nenggu, dewaji dhemit, Sunan Tambalayung Kolot. ©
17
Nuli ana gumantine kang lumaju, dalem Kandhanghaur sakti, macane
kang di adhu, sigra angrehai geni, lelewane galak katon. ©
18
La yen nyenggreng ing geni adadi parum, ora kaya urip maning, yen den
senggreng pesparum, ora suwe jebul maning, mangkana layan mangkono.
©
19
23
Mati urip mati urip urubipun, suwe-suwe urip jati, macan sirna geni murub,
kalesan kangarah pati, ning geni lawan gumantos. ©
20
Dalem Ujungtanah anyangking sadha dipun den sabetaken tumuli, maring
geni lawan parum, yen den sabet pes mati, tan suwe jebul kemawon. ©
21
Datan mendha mati maning jebul murub, kalesan kang mikarani, dening
geni delap timbul, kawirangan para aji, dening welehing wigatos. ©
22
Wusing kadi mangkana welehing ratu, egare sang Purbasari, kadya kaduk
wuwusipun, payu ayonana iki, putri Sundha kang wulangon. ©
23
Aja wonge genine panika punjul, singa-singa kang sakti, bisa mepes geni
isun, pasthine sun aku laki, la iku sembaran ingon. ©
24
Iya iku kang dadi nereging laku, ratu salawe prasami, miyarsa sembara
ratu, dadi padha minangkani, anglabuhi sembara wong. ©
25
Ratu salawe nagara la iya ku, satriya sanusantawis, padha karsa tegal lan
ratu, saking awu-awu langit, Manggadapura agatos. ©
26
Mangka dipati Surawangga malihipun, para mantri lawan malih, gembong
Pasuruwan agung, rujitmanlawe lan malih, malapati ing kadhaton. ©
27
Bongdaraji manggala sarebo jagung, sasra yuga dasa pati, bimakkendra
gili uri, carat sewu sumarongbong. ©
28
Tobasruyungan sarayaksa kendha layu, pangulawat sampun sami,
agunem-gunem anglabu, seja amateni geni, geni apetaka den go. ©
29
Kang den enggo sayembara atiku kuwung, geni adhune warih, gampang
adat kang kalaku, sewanehe amangsuli, mangsa kilapa kang ngenggo. ©
24
30
Pati-pati den sembaraaken ikut, saking ora paranti, geni tan mati neng
banyu, wawartose angabati, dening banyu datan kawon. ©
31
Pramilane cacak coba samya rawuh, alagelar dening yakti, kita padha
dhulu-dhulu, tan kawagang ing ginisi, sinten kang bagja kemawon. ©
PUPUH VIII
D U R M A
01
Ya tawiyang ratu salawe nagara, Mingsun dhahang ngayoni, ing geni
sakala, apara ratu wira sakti, anyipta awan deres kagiri-giri.
02
Ilen-ilen banjir bena amalabar, dupi ika kang geni, amsih ngenak-enak,
pon masih kaya saban, gawoke para narpati, ana kang cipta, topan kagiri-
giri.
03
Tampek geni iku ora kara-kara, dhatan dhoyong samendhing, urube tan
obah, kabenan dening topan, masih ngayeg ingkang geni, ana kang nyipta
gelap namber ing geni.
04
Parandene geni tan kage tan obah, angger urubing geni, heran kang
tuminggal, lan geni apa baya, guru gelap tan mateni, waneh kang yipta
udan kalalar wedhi.
05
Angebyuki ing geni tan kara-kara, kaurungan ing wedhi, ora dadi apa,
suraking bala Sundha, ningali ungguling api, para sang nata, kang sami
hebat ningali.
06
Karsa waneh ana ratu nrajang lan pana, deni dipun panahi,lan sabalanira,
padha angrobi pana, ya ora nana ngudhili, kang geni waluya, kaya saban
duk lagi.
07
25
08
Waneh ingkang para ratu lajune rampak sabalane ngebyuki, kalawan
kabalang, watu kang sakalapa, kang sapendhil sakalenthing, dengo
ambalang, maring urubin geni.
09
Ora nana bisa ingkang matenana, ing geni apa maning, raja-raja ingkang,
sabalane arampak, sikep bandring-abandringi, agni sakala, pan angger tan
mati.
10
Kang saweneh ana ratu kang narajang, geni dipun pendhangi, ya ora
karasa, wus entong kang tanaga, waneh ingkang anyudhuki, maring
dahana, ana ingkang numbaki.
11
Nonohogi wis sabagi-bagi tingkah, tan nana miyatani, geni masih lunta,
urube kaya saban, surake wong Pakuaji, lawan nyata, para ratu tan sakti.
12
Datan ana gunane mipis dahana, prandakane kumaki, dipun wasa-wasa,
panyanane la apa, den arani kaya geni, kang saban-saban, iki geni
dhudhu geni.
13
Dewi Purbasari langkung bungah, ngrasa kagungan asri, pangameng-
amengan, tur ta laya tuwana, saestu kang pasang giri, kocak kang jagad,
putri Sundha asakti.
14
Pan sinegeg kang pasang giri punika, kocap ratu sadhasaring, Sanghyang
talaga, yang tala kaherang, tedhak Prabu Galuh dhingin, wau kang nama,
Sanghyang Bulusputih.
15
Kang ayoga Sanghyang Panggungkancane, adarbe siwi panendhi, iku
kang anama, Sanghyang Maharaja, Lutungkasarung asakti, ana guneman,
sajane angaoni.
26
16
Genem kalih sodara wedhi kang nana, Sanghyang Ngacihiki, awit
putraning Sanghyang, Talagamanggung nama, adarbe siwi pandendhi,
ingkang anama, Hyang Jakahawa sakti.
17
Sanghyang Talagamanggung duk pangandika, aputra-putra mami, den
sira sumeja, Lutungkasarung sira, tangtu sira amakolih, ajodho lawan,
maraja Purbasari.
18
Seblakana iku geni tangtu pejah, lawan sasabet iki, si jajaka tawa, iku kang
pindah-pindhah, tan kena gagabah, denora acining warih.
19
Banyu pitung windu gawanen nyeblak, kang geni pasang giri, bareng
uculena, dhiwone padha mesat, camethi kalawan geni, weruha sira, kang
nuksma aneng geni.
20
Iku putra Sunan Tambalayun ika, iku kang anami, Putri Rara Panas, ya
Indhang Telubraja, mengko den kaseblak pasthi, mesat aniba, ing Banten
prananeki.
21
Saendenge intri alumuha krama, panas bawane benjing, kang singa
kadhokan, tan kuwat ing sangsara, besuk mari-mari mandi, den wis
kapendhak, lan Jakatawa benjing.
22
Pecut iku tibane ing bumi Selan, besuk tinemu wuri, si Jakatawa, jodho lan
Rara Panas, besuk aneng guwa jati, gene panggiya, praciptanen den jati.
23
Pan wus tutug kang pangandika samana, enggalira tumuli, Jakatawa
dadya, golethak sampun rupa, cemethi sihaciwara, kena ing sabda,
ingkang sayoga mandhi.
24
27
25
Prabu Ciyungwanara ngandika liya, kamanyangan den yakti, munggapa
kang salah, ing seja sudi malar, kaputren Sundha negari, ambabarena, si
bapa kang ningali.
26
Yata oreg kalabandhu Pajajaran, seja nonongton mangkin, ing sagelar ira,
kang ngarama rawasa, nyata geni den cemethi, geblas asirna, bareng
lawan cemethi.
27
Bareng mesat cemethi lawan dahana, suraking Pakuaji, den ini satriya, olih
gawe gadhang dadi, majikan kita, pan ora pindho gaweni.
28
La ya iki nyata tegese wong lanang, ladining sajati, nyata tedhaking nata,
wani ing Sundha negari, tangtune ika, mangsa liyana maning.
PUPUH IX
LADRANG
01
Kawarnaa jeng suputri Purbasari, pareng mulat, ing geni mepes wus lalis,
dadi mujungbaheng pagulingan.
02
Ya sang Prabu Ciyungwanara sedhep manggihi, maring ika,
Lutungkasarung den angling, ya ki mantu ingkang murba sigar wetan.
03
Menak pra kuwu kapurba sira, kang ngimponi, iku cacangkoking putri, pra
watesan bangbayang purbaning anak.
04
Sakarepa angolahi ngadeg narpati arimbitan, ki mantu kalawan rabi,
Purbasari la iku ing jodhonira.
05
28
06
Apa kaya adating ngadeg narpati, maha raja, Lutungkasarung muponi,
sigar wetan Pajajaran ingkang murba.
07
Menak pra kuwu dupi ingkang ngapti aji, dupi menak, prayangan masih
nyungkemi, maring sang prabu sepuh Ciyungwanara.
08
Sang maraja Lutungkasarung winarni, genya ripta, pan nagara anyar dadi,
arah wetan pan katelah Pajajaran.
09
Karajaan gumelar punapa kadi, ya para raja, lan jalma ing Pakuaji, wus ora
nana paja-pajaning manusa.
10
Ya wus apa dudune mara jabali gene raja, ing Kiskendha duk ing dhingin,
ya amangku garwa widadari pelag.
11
Mung siwane Lutungkasarung saiki agagarwa, dereng patut sarasmine,
durung becik durung sajejeging akrama.
12
Nanging iku wus sangkep kang bini aji, miwah ingkang, garwa kalingking
kang nami, matur dewi marapag selir akatha.
13
Kawandasa sisihing selir kang selir aji, amung iku, prameswari Purbasari,
masih elik durung sakastaning krama.
14
Dhudhukune singdhi ora kang nambani ora nana, tatambah kang miyatani,
ajar cantrik nusa Jawa pan kalesan.
15
Kalesane ora sanggup anambani prameswara, Purbasari denya elik, maha
raja Lutungkasarung asabar.
29
16
Sabab kapuhung pyambege madeg aji lantarane, saking Dewi Purbasari,
ratna iyang jongratna sapa kang gawa.
17
Tan na liyan Lutuingkasarung prayogi putraningkang, panggung kancana
asakti, lami-lami sang raja amanggih warta.
18
Ya sang raja Lutung kasarung miyarsa wartyi, pulo lingga, yen ana
brahmana sakti, ingkang ana ing lingga ing kasabrangan.
19
Kaya-kaya ika bisa anambani prameswari, namaning brahmana kuwi, kaki
brahmana Maniklingga Buwana.
20
Ya ta Prabu Lutungkasarung nimbali patih ira, patih rang-urange pinrih,
kang pinutus nabrang maring sang pandhita.
21
Den sawawi ature ajar maniklingga wayang, rawuh aneng Sundha puri,
kang sun ajap sun gondhela ingkang usada.
22
Badan tampi rang-urange timbalaning karsa nata, dadya sejanira gasik,
sarta Panglima kakalih ingkang binakta.
23
Lalawaran ya iku panglima nami, Ki Lagondhang, kalawan Ki Gumariming,
sarta dipun binaktan adhi rurubah.
24
Kang babasan panglalandhep lawan wajani sabaita, isi gula aren jawi,
sabaita isi empon-empon jawa.
25
Saparahu isi pucung lan kamiri, boleh Sundha, sapara umaning isi, minyak
jarak kalawan minyak kalapa.
26
30
27
Sigra layar ki patih dhateng jaladri sartanira, parahu pitu lumiring,
lalawaran wus teka ing pulo Lingga.
28
Pan wusmedhek ing ngarsane bramana luwih aba saja, den kaputus ing
sang aji, ngaturaken pasihan dalem Pakuwan.
29
Pitung prahu kang kaisi warna-warni, gegel nata, dhateng madhigda ing
mriki, inggih tuan yen katuran.
30
Angrawuhi dhumateng Sundha negari inggih ara, woten kersane sang aji,
ki brahmana Linggabuwana anabda.
31
Sarta gumujeng asuka rena kang ati aturena, puji pangesthi kang jati, ing
prakara gegele Sri Pajajaran.
32
Iya ika luwih nuhun nanging kangsi iku barang, pitung prahu gawanen
balik, aturena maning ing Sri ing Pakuwan.
33
Aja sumlang ing karsane sri bupati, mapan ingwang, pan wis karsa aji, isun
medhek ing Pakuwan.
34
Aja lawan den ruruba iku maning isun seja, tulung usada kang jati, patih
rang-urange wus age balika.
35
Patih rang-urange ature ariris bok punapa, sareng ngalempa pribadi,
tumindake jengmadigda lan kawula.
36
Ki brahmana sabdane patih ya patih aja kurang, pracaya kang maring
mami, data ana kang bramana iku bobad.
31
PUPUH X
PUCUNG
01
Ya sang patih rang-urange sigra wangsul sabaitanira, sampun abalik
sakabeh, lalayaran dumugi ing Pajajaran.
02
Pan wus katur ing ratu Lutungkasarung, karsane madigda, sejanipun
medhek dhewek, pun bramana sampun ngartos dhateng karsa.
03
Ya sang raja aris ing pamuwusipun, den estu pramana, tangtu mangsa
bobat gedhe, lawan mangsa suwe laku den lalampah.
04
Tangtu jagad pandelenge mung sagandhu, lan mangsa gelema, ing
rurubaku prantine, miskin tan ngulati sugiye tan rarawat.
05
Wis becike anti ratuhipun, nanging lamon bobad, padha kita lurugane, kita
tumpes ya ika sang bramana lingga.
06
Ya ta lawas bramana pan durung iku rawuhira, ngenten tanpa anten-anten,
malah prabu Lutungkasarung wus gawa.
07
Putra saking ikut ika den pilungguh, lanang nama ira, ingkang sarta
lulungguhe, Raden Rangga lanwan Mantri Kethebasa.
08
Linggihan ing Bnaten angarta dhatu, terang layan karsa, dipun prabu
sepuh mangke, Raden putra inggih ing Bantana warsa.
09
Dupi putra saking bini ajinipun, lanang pinangaran, Raden Mantri
Ranggalawe, Jayakarta alinggih ing rat Jakerta.
10
32
Pon kalawan lilane sang prabu sepuh, sampun gelar tata, karajaan
kaprabone, kang angrengga iku saking Pajajaran.
11
Dupi putra saking maha dewinipun, lanang karya parab, Sanghyang Resi
Luwiluwe, kang amangku indhahan nang Ujungkulan.
12
Dupi putra ingkang saking dewi matur, lanang kang namane, Sanghyang
Sancakrit namane, kang amengku indhahan nang Ujungkaras.
13
Ingkarsane snang prabu Lutungkasarung, aneng Pajajaran, dipun
rangkepa patiye, patih jero patih Burbutjalang.
14
Rang-urange kang dadi papatihipun, arja aneng jaba, roro tumenggung
anyare, kang anama ki Tumenggung Sanggrarungan.
15
Ki Tumenggung Selangkuyit naminipun, lan roro kang anyar, kademangan
ing namane, Demang Gogok lempog kalawan kang nama.
16
Demang Bangkong sendhong andeling pamuk, gumelara kata, jirnapura
pulung beler, pan samono lawase kang prameswara.
17
Durung becik kelawan Lutungkasarung, nuli tan antara, bramana Lingga
rawuhe, maring Sundha wis den mulya-mulya ika.
18
Atur makca pangandikane sang prabu, he paman bramana, manira nedha
tulunge, ya kongsiya adhepe nama sang rara.
19
Gone elik wis windon takeran tahun, kaduga manira, barangahan anakake,
saking rabi liyan kang metoni anak.
20
Dupi rabi babaku durung sapundhul, iku bebeg ingwang, paman bramana
tulunge, idhepena iku paman garwaningwang.
33
21
Pira bae ing mangko wajaninipun, seja sun pilala, ya duk jurung saragane,
sang bramana gumujeng atur sandika.
22
Sampun sumlang bapa prakawis puniku, prakawising garwa, dalem tangtu
mangke sae, lan sang prabu nanginging punika sang rara.
23
Mangke sae sacombana lan sang prabu, pun paman tumuta, uninga
dhateng raose, tan asusah wajani punapa-punapa.
24
Aleng pundi tan awor sandeng saumur, gagarwa carapa, binandhing
combana mangke, uning raose pun paman ginawa kawan.
25
Maharaja Lutungkasarung abendu, tegane ta sira, bramana cora nalosor,
dan sang prabu ngunus dhuhung pan tumandhang.
26
Sigra nudhuk bramana ajaja terus, dhumateng walikat, nuntak ludira
maleber, pan tinarik kang dhuhung bramana pejah.
27
Ingkang layong angucap tegane ratu, sun dhaku mendrassa, ana wong
jaluk nrasane, kang pakenak teka sinung rasa lara.
28
Nyata kumed maraja Lutungkasarung, ya mangsa luntaha, dadi ratu
Sundha kene, sabab dening kumet arep bapa garap.
29
Yata prabu Lutungkasarung mituhu, sabdane babathang, dadi
gumaregeten sewot, kakeyan bacot si bramana camera.
30
Iku padha obomgen babathang iku, sirnaken pisan, ambri aja ababacot, ya
tumangen cone dadi awu pisan.
31
34
32
Tan adangu ingkang geni amurub, kurnapa bramana, wue sirna purna den
obong, ora kaya aluse bramana Lingga.
33
Manjing garba garwane Lutungkasarung, sumerep sumanira, sabadhan
sedya wa-awor, Lutungkasarung dumadya raga asiyan.
34
Dewi Purbasari sira andulu, maring maha raja, Lutungkasarung warnane,
dadi mundhak bagus katone gumawang.
35
Ya sang putri Purbasari remen kalangkung, kena ing asmara, dadi
kakatonen bae, maring kakung tan kena pisah sadhela.
36
Praciptane gawok temen atinisun, saiki kena ngapa, guranggame
sapatemon, teka sejen pisan lagi mula-mula.
37
Poning mau ewo bae atinisun, luwih sengit pisan, ajaja rep sapatemon,
ngrungu bae abane ing ati ewa.
38
Jember bae rupane deleng iku, ing ati mengkarang, mengkorog saking
jijithok, dupi iki teka ati kangen semang.
PUPUH XI
KINANTHI
01
Warnanen Lutungkasarung, ningali kang prameswari, teka kapareng kang
garwa, mesem manis awe sira, sang raja sigra trangginas, angrungrum ing
prameswari.
02
Kang garwa lumados sampun, tumulus adhicombani, tutuging asisiyan,
kaya pa adating krami, carema la pitung dina, kaduk sang prameswari.
35
03
Wus bobot ing wancinipun, kalangkung ing lelesneki, bersih kuning gilang-
gilang, Lutungkasarung langkung asih, dhumateng kang prameswara,
Purbasari kang pinundhi.
04
Kinundang putra ajalu, sumulura maring mami, dhateng karajaan ingwang,
duga nyidham sanga sai, binakta amadhang wulan.
05
Sang prabu Lutungkasarung, angaras-aras kang rayi, kalangkung den
kumadana, ing marma tur eman arsi, wau amiyarsa swara, ing sajroning
wetengneki.
06
Mangkana pamuwusipun, asang prabu ta sireki, saiki dumama eman, ing
isun kalimat lewih, nanging besuk yen wis medal, ingsun males ing sireki.
07
Sira iku aja tambuh, iya sun bra … luwih, kang sira dhingin prajaya,
mulane engatna benjing, anak-anak maring ingwang, aja tungkul eman
nesip.
08
Pareng semana sang prabu, myarsa swara aruntik, tan eca guling
adhahar, yen kengetan ingkang wngsit, emar lesu les-elesan, kalangkung
ing ruhing galih.
09
Malah sedheng babar sampun miyos lanang kang prayayi, la bagus
suwarnanira, cayane gumilang bening, tan antara dangunira, kang rama
anyandhak aglis.
10
Dhateng jabang bayinipun, dinulang upan mandi, iku jabang ora pejah,
tanpa kara-kara nuli, enggal ngunus pedhangira, sinumbele kang prayayi.
11
Prandene tan pasha iku, Purbasari aningali, kang putra dipun prajaya,
anjerit lumajeng agasik, karsa ingayun ing rama, prabu Ciyungwanara aji.
36
12
Umatur ing ramanipun, Lutungkasarung alali, punika mejani putra, nembe
siji dipejahi, sang prabu Ciyungwanara, miyarsa aturing siwi.
13
Lumajeng malah ambendhung, maring mantu ingkang lali, sigegen ana ing
marga, kocap kang mrajaya siwi, kang putra den wasa-wasa, pon tan kena
ing pati.
14
Dadya winadhahan sampun, pethi winuwang tumuli, kali cilutung ya nyata,
wis kabekta dhateng warih, ageng santer ilinira, wus sirna kagawa warih.
15
Sareng wis binuwang sampun, arawuh kang rama neki, kalih garwa takon
jabang, matur kula birat kali, ing lepen cilutung sirna, sampun kabekta ing
warih.
16
Yata prameswari wau, Purbasari nibang siti, kasirep lelohing putra, prabu
sepuh ngendika ris, embaning turun ingwang, pon isun binuwang dhingin.
17
Kali iku ing ramanipun, prabu Galuh duk ing dhingin, prandekane iya
welas, papasthene jabang bayi, kudu anurut ing eyang, kang gaib luwih
ningali.
18
Kawarnaa sira sang ayu, Purbasari sawunguning, sajrone wau kantaka,
ana ingkang swara jati, Purbasari aja sira, melang maring anak siji,
19
Kang bunuwang iya iku, si jabang mangsa amati, tangto kena ika dhelap,
besuk bias muter nagri, anyuluri bapanira, den pracaya kang murbeng
bumi.
20
Sang cinta tan cidra iku, besuk titenana mangkin, sang putrid dadak
sakala, dewi Purbasari lilir, egar suka manahira, sampun ngunjung kang
ayugi.
21
37
Angunjung kaliyan kakung, kang mratuwa den unjungi, ing manah wus
palipurna, prabu sepuh ngandika ris, he mantu wruha sira, awake kang
gadhang niladi.
22
Rama Galuh dun rumuhun, den idhep ing pameradning, karana sabebet
kita, ora aliyan panukmaning, alalise iya merad, Lutungkasarung aturnya
ris.
23
Sih jati waraha nuhun, pameradan pocapaning, sawadose kula ngalap, ing
rama prapona benjing, yen dugi ing ajal kula, boten susah angilari.
24
Angadika prabu sepuh, ki mantu la tampeni, pungpung saiki purnama,
kang aji pamerdaning, sabebet kula Santana, ing Galuh ora na liyan
maning.
25
Yata prabu Lutungkasarung, enggal sira anampani, mratuwane kang
ambabar, ing ilmu pameradaning, ya sang prabu Ciyungwanara,
kandikane sira nini.
26
Purbasari nyingkira babu, manjinga ing dalem puri, sebab sira ora pacak,
panukmanira lan laki, enggal Purbasari memba, maring dalem Kenya puri.
27
Wus tanpa Lutungkasarung, jati wisik ingkang yugi, ungelling ingkang
piwara, onya ing sukma lewi, sukma rasa sukma larang, gumawang tanpa
cantelaning.
28
Kadhaton tanpa gon iku, gumilang sarira mami, lenyep ilang dat pes ilang,
angles-les angluwar ragi, oranana ing rat jagat, sakabeh-kabeh tan kari.
PUPUH XII
PUCUNG
01
Prabu Lutungkasarung wus tampi wuruk, aji pamedaran, purwa saking
mratuwane, awor daging awor getih sumarira.
38
02
Pan sinegeg caritane yan sang prabu, kawarna ajabar, kang dhingin
binuwang mangke, wus rumanjing kayangan kipethes peras.
03
Tukang pethes peres ingkang luluhur, buhaya bangawan ika, sang jabang
wus panggih mangke, den openi dening ki Pethesperas.
04
Dipun aken anak jabang bayi ikut, duk umur sawulan, bias rarasan
basane, ngerti dening basane, ngerti dening basane wong pathes desa.
05
Jabang bayi kangucap abeluk-beluk, bapa y ailing wang, bapa aranan reki,
ingga iyang bapak ikut namaning wang.
06
Kaki Pathes peres nembe tumon rungu, bocah cilik bias, kaya wong tuwa
basane, pan tembene mung ta iki anake sapa.
07
Patut iku ana kadadiyanipun, besuk mengku bala, kasungsun arane
angger, inggih iyang iku nama wis prayoga.
08
Pan katelah ing desa pethis puniku, anak pupone ki tukang, esaktemening
namane, wis koncara inga iyang ingkang nama.
09
Cilik-cilik bias rerasan satuhu, bocah patut kasurupan, dudu bocah
salumrahe, patut ikut tuturunan ing kusuma.
10
Ya putute yen selamet urip tuwu, tungtu besuk ika, dadi raja suntangguhe,
yakti ika tengeraning andana wirya.
11
Lawas-lawas pareng umur tigang tahun, Lingga hiyang ika, lalayaran
pangameng-amenge, paparahon buhaya putih tinungganga.
12
39
Wong kang paca ningali gawok andalu, mung tai ka apa, bocah apa setan
kene, udan angina mudhik milir nunggang buhaya.
13
Nurut bae buhaya sakarsanipun, den parani ika, dening wong nuli gacike,
silem ilang yen wis sadina rong dina.
14
Iya nuli ana maning nyata timbul, umreg wong Pakuwon, katular-tular
wartane, katur maring sri bupati Pajajaran.
15
Engandika sang prabu Lutungkasarung, warta anak setan, buhaya putih
tunggangane, wong ningali padha wedhi sadaya.
16
Ya gustine pareng nabda semana iku, dadi sirep kang warta, wedi bok den
salah artos, sisikune ratu ratu mandi salah dadya.
17
kawarnaan ki empu kang namanipun, ki Calancang nama, kaliya ing
comas pandhe, lagya ngalenthung miminggira nang walahar.
18
Maring kali Cilutung kapanggih wau, lare ingga iyang, lagi eca paparahon,
pan sinawanganing ki empu calangcang.
19
Sira bocah cilik saking endi kacung, neng bengawan priyangga, sapa sira
kang ayuga, Lingga iyang mangsuli kula punika.
20
Kula lare tanpa bapa tanpa ibu, lola dhiri kula, kasur bumi mega kemule,
kali bangawan kang nusoni dhateng kula.
21
Pun buhaya kanga sung tedha puniku, inggih wasta kula, Lingga iyang ing
namine, ki Kalipa andaringeng manah ira.
22
Nembah tumon lare nabda kaya iku, bangkit yen rarasan, patitis ing
wicarane, nyata iki tereheng andanawriya.
40
23
Empun nabda sira sunimponi kacung, padha maring omah ingwang, sun
aku anak temene, Linggahiyang teka dumulur ing karsa.
24
Ki Calangcang ngiring wus dumading aku, prapta wismanira, nyi
Calangcang girap gawok, dika iki olih saking ngendi bocah.
25
Lawan iku sapa ingkang duwe sunu, winangsulan enggal, manggih pinggir
kali gedhe, datan weruh embok bapaneku bocah.
26
Sun takoni wangsulane iya iku, tan duwe bok bapa, kasur bumi mega
kemule, welas ati sun ajak mulih maringwang.
27
Nyi Calangcang nabda bok den salah tanggu, dika nemu bocah, den tututi
wekasane, dika dadi den tareka nyolong anak.
28
Toli dika ing sang aji ya di ukum, Linggaiyang nabda, dipun pracaya si
embok, inggih kula kang tango bala witanya.
29
Banggi bapa kikukum dening sang prabu, kula purun nalang, abentak
lawan sang katong, dhasar enggih musuh kahula ing kuna.
30
Ki Calangcang Nyi Calangcang getun-getun, ana bocah bias, rarasan
ingkang samono, patut ini dudu bocah samaneya.
31
Iku bocah ana kada dene besuk, Linggaiyang ika, ngaku bapa ngaku
embok, maring empu Kalipa langkung minulya.
PUPUH XIII
DHANDHANGGULA
01
41
02
Lawas-lawas kirane andugi, Linggaiyang umur rolas warsa, iku teka
reremane, angalasan awangun, omah wesi aneng wanadri, aran wana
Cikandhang, jar ai wesi nurut, wesi lir lempung kewala, omah wesi nem
dina sampun waradin, kukuh kikib agarba.
03
Ki Calangcang Nyi Calangcang angling, mung ta sira kacung gawe omah,
wesi ing ngalas genahe, la dingo apa iku, aja patiya sugih wani, embok
sisikuning raja, yen iku karungu, dadi apa awak ira, ya si bapa si embok
tan wurung dadi, milu kara baraba.
04
Linggahiyang wangsulane aris, bapak embok sampun tan pracaya,
dhateng kula ingkal awon, digjabenduning ratu, gisik bapa sampun uning,
pun embok tingalana, jogede kang sunu, ingkang aran Linggaiyang, wani
mati kendel wani ambelani, angrebut bapa biyang.
05
ora lawas la ika tumuli, Linggaiyang wangun rante tosan, kang adi warna
lekere, lemes kadya tatangsul, lan kena dienggoa bebenting, nanging yen
digelar dadya, bale rante bagus, nanging lamon lininggiyan, iku bale ora
karuwan maning, ya iku dhadhak sakala.
06
Dadi rante anjiret kang linggih, akeh jalma padha kagawokan, kasuhur ing
kasaktene, Linggaiyang apunjul, ki Calangcang ta ingucap aris, kacung iku
dingo apa gawe bale iku, ya kene ginegem ginelar, dingo apa teka sun
maras kang ati, ya wedi maring nata.
07
Ya sang prabu Lutungkasarung linuwih, sapa wruha bok kadengangan, tur
ta ora sanyatane, sira katiti luput, tanpa bayanya lampahi, ing siasating
nata, tiwas temahipun, jar kasndhung ing arata, yaw is aja ilok gawe tanpa
tut dadi, riringganing nagara.
08
42
09
Pan sakedhap ki Calangcang ngarti, nititeni apa iki bocah, anaking
bramana reko, dening si namanipun, Linmggaiyang patute iki, seja males
puliya, mring bapane mau, buktine kakecap menga, ing basane arep
males ing sang aji, sung sengge iya nyataa.
10
Ora suwe Linggaiyang mijil, sarta nggegem arante mandira, mring alun-
alun puruge, munggah ing lemah dhuwur, para mantra datan upaksi,
Linggaiyang wus ngangkat, anabuh adhenggung, pusakaning Pajajaran,
datan kena tinabuh puniki, yen tan pejah nalendra.
11
waktu iku tinabuh den titir, geger samya bala Pajajaran, nyana sang ratu
sumered, umreging bala agung, atandha sing enda-endi, pra mantra
acingak, waspaos andulu, katingal sanyata bocah, surak ing wong iki
bocah saking endi, nakal si gila basa.
12
Iya sira ngajaraken nangkis, ya rinujak ing wong Pajajaran, kadeleng apa
si monyet, pan ratu agung ing Paku, alun-alun jembar tur radin, andher
ingkang aseba, pancaniti penuh, mung ta sira deleng apa, sudi wani
angunggahi siti inggil, bedhul sapa kang mrentah.
13
Nitir ganjur pusakaning aji, kaya cumra si tembe wara, Linggaiyang
wangsulane, sira kang selang gumun, ora idhep ing karta jani, pati-pati
manira wani-wani ngaku, ya saking waris manira, matanira baloloken
mataning pring, mada dudu ponggawa.
14
Wong Pajajaran surake la iki, wis karuwan bocah iki ala, budine lawan
anggkohe, sanyata kethek beruk, sumantana si tai anjing, ngaku waris
nalendra, bubuyute ajur, sawaneh ingkang angucap, aje kakeyan tutur
rujak gendhen gelis, mung ta anganti apa.
15
43
16
Saya dangu saya angranohi, ki patih rang-urange kapental, kapental ora
menange, sawaneh para sepuh, ingkang padha awangun piker, kaprimen
den wis tanggal, iya bocah iku, demene iku bocah, ya kaprimen den wis
metu budine ngancil, angluwihi nagara.
17
La yen isun iki sun pikiri, bok iku susupaning bramana, kang dhingin
denkaropoke, la iki timbulipun, ora kena saloro ngarti, bokmanawane
kuhana, dudu musuh iku, puharane dadi majikan, ya batur dhengawas aja
saloro ngarti, den titening talata.
PUPUH XIV
PANGKUR
01
Dupi sang nata miyarsa, geger gumuruh kang anan Jawi, sang prabu
Lutungkasarung, sigra amiyos enggal, angliga dhuhung Linggaiyang den
suduk, sapisan madhuwa raga, dadi roro den pindhoni.
02
Sinuduk pan dadi papat, pining telu dadi wolu sayakti, pining pat
panyudukipun, dadi bocah nembelas, pa wus dadi akeh enggal ngarubut,
sang prabu ngebyuki padha, tan bias polah kawingkis.
03
Rinejeng tanpa wisesa, lininggihaken ing rante wesi, Lutungkasarung wus
lungguh, ing rante tanpa sesa, aneng bale rinengku ya pinikul, dening lare
kanembelas, den babayang den suraki.
04
Basane lare akathah, ya sang prabu Lutungkasarung lali, buang jabang
aneng banyu, ing kali cibayabang, prabu Lutungkasarung wansulanipun,
iya isun eling pisan, telu kena ing saiki.
05
44
Iku ing sakarep ira, pan si bapa uwis seja sumingkir, sulurana lungguh
isun, yata lare pra samya, surak-surak ing sapanjanging dalam gung,
anggotong kang babaleyan, braise kalaras aking.
06
Para ponggawa Pakuwan, gumurudug iku padha tut wingking, sapuruge
gustinipun, den bakta maring alas, ing Cikundhang goning omah wesi
mau, Lutungkasarung pinarna, wonten ing pagriyan wesi.
07
Wus pinutup tanpa sesa, kedya wong den panjara tan bias mijil, lare
nembelas surak kasruh, la ya kita jaya, Prabu Lutungkasarung yata aja
tambuh, ya iki pamales ira, bramana Lingga duk wingis.
08
Yata mantra Pajajaran, andaringen ningali pohal-pahil, ing bocah
nembelas iku, dening bapa ing laksana, hadan Prabu Lutungkasarung
amuwus, he wong Pajajaran sira, den idhep angaku gusti.
09
Ing bocah iku kang nyata, anak isun sing rayi Purbasari, prayoga gaganti
isun, dupi manira pejah, mulih maring ajala kasuciyan isun, agadhaton
tanpa genah, lawan patinisun benjing.
10
Ana ing dina wekasan, wusing nabda samana adanuli, sang prabu
Lutungkasarung, mereh kadya wanara, amengkorog sarta mealakken
buntut, mesate ing jomantara, musna ilang tan ing ngaksi.
11
Bale rante bus malesat, tiba bumi mila den arani, Balerante iya iku,
wuryataning akuna, wus mangkana lare nembelas pun wau, wus polih dadi
sajuga, kadi duk wau tumuli.
12
Kulawarga Pajajaran, padha ngiyung ing Linggaiyang ngapti, samatuke
saking ngriku, karsa medhek ingkang eyang, ya sang prabu Ciyungwanara
puniku, Purbasari wus ing kana, ing ayunan rama aji.
13
45
14
Purbasari lan momonga, anakira Linggaiyang iki, kang dhingin dibuwang
ngebur, ingbangawan ya ika, saikine sabetahan ya tinemu, katemu maning
denira, den becik sira ngopeni.
15
Maring iku anak ira, istrinana dumadiya susuluring, bapane ingkang wus
lampus, ya tai ka kang liningan, sami atur sembah sadaya sumuhun,
sinauran dening jagad, geter pater ketug muni.
16
Samantuke saking kana, Linggaiyang binakta mantuk dening, Dewi
Purbasari agung, wus prapta pura Pakuwan, ing istrenan sampun sira
ngadeg ratu, jeneng prabu Linggaiyang, amurba Sundha negari.
17
Ratu anyar Pajajaran, Linggaiyang Sinarojang Bupati, bandhu warga
kawula iku, papatihe winastan, Kyai Patih sempokwaja parab ipun,
katumenggung Jatipamor sakti.
18
Lan Ki Demang Dhungkabadhag. Ki Ngabehi Kolotbuntut asakti, wong
sanak singraja Galuh, lan Ki Dalem Tegaljamang, Sindhangkasih nama
dalem Somaluhur, ajujuluk Somahita, sanak medhoke sang aji.
19
Ya sang Prabu linggaiyang, kacarita ora jengjem mengku rabi, sing
awadon kang karungrum, ya babar pisan pejah, katarajang Dakar waja
landhepipun, kaya keris landhep pisan, amedal pamore mandi.
20
Dadya pirang-pirang garwa, akathah selir kawangking angemasi, kang den
wangking angemasi, kang den wangking ingalulut, padha babar pisan
pejah, pan sakehing istri sisiriha maju, wedi yen den rabenana, wados
ginawa sarasmi.
21
46
22
Kidang manjangan kang nyangga, ora mati kaduga ana titis, kang
tumurunita besuk, kang katelah sesebatan, kang prayayi kang turun kidang
pananjung, saking kono ruru ira, taliti turunan aji.
23
Selir kidang lan majangan, besuk ana katela ingkang nami, prayayi kang
katurun, ana ingkang kasebat, gih manjangan gumarang sing naminipun,
taliti purba wisesa, waris Yang Sundha negari.
PUPUH XV
SINOM
01
Iya iku kang dumadya tan sakeca ing sang dewi, Purbasari tumon putra,
datan jamak lawan jalmi, dadya tandha rabi, Linggaiyang jalma wudhu, tan
ana musuhira, ing anguling ing sarasmi, acombana istrine nuli apejah.
02
Mangkana lawan mangkana, nuli ana jati wisik, kang eyang Ciyungwanara,
angandika ingkang siwi, pitutur kang sajati, kandikane isun rungu, ki
bramana tali atma, ing pulo gunung surandhil, iku duwe anak wadon kang
anama.
03
Namane ingkang sinebat, ika Dewi Brajawati, patut den ika dadiya, rabine
si Lingga aji, karana Brajawati, bagane wesi atutup, mung ana wara gatra,
kasulur tan ana bangkit, marawani saking atose kang baga.
04
Duginipun ora liyan, among Linggaiyang sayakti, sacombana lawan ika, jar
padha wesineki, kawagang ing sarasmi, coba ta sungsungen iku, robbana
lan panglamar, la iku gawanen rabi, katalihatma mokal tan pasrah.
05
Ya ta prabu Pajajaran, Linggaiyang sampun niti, duta maring kasabrangan,
ing pulo gunung surandhil, ponggawa kang den titi, Patih Sempokwaja
47
06
Ingkang sami kesah ika, Ki Ngabehi Kolotbuntit, sarma bakta palwa sapta,
kang isi panglamar aji, ruruba saking Jawi, barang saking Sundha katur,
maring bramana ana ing gunung surandhil, tan kawarna layare aneng
sagara.
07
Kocapa sadhatengira, ing pulo gunung Surandhil, dhuta raja ing Pakuwan,
pinanggih bramana aji, sarta ngesrahken adi, sedhah panglamaring ratu,
sang prabu Linggaiyang, karsane aminta krami, Dewi Brajawati kang
dinuking karsa.
08
Lamarane wus katampan, denira bramana luwih, ing mana suka arena,
sinuba ing Linggi, ingkang pra menak prapti, sukane ingkang nanamu, ki
bramana taliatma, kali ira ingkang siwi, Danyang Brajangkawat, wus ana
ngayunan.
09
Bramana aris wacana, katur ing sakarsa aji, nayangger Pajajaran, mangke
karya angimponi, pecile tiyang dherwis, meng sampun kirang pamuhung,
lare istri badhigal, derenguning tata Jawi, nata sundha nayangger mung
gamulunga.
10
Lan malih mangke sakedhap, angantos kadange malih, jaler Dangyang
Talibarat, jaler Dangyang Parwatali, sebab ika sakalih, ngumbara ing
karsanipun, anglalana ing tawan, tan mudhun-mudhun ing siti, den saingga
wonten damel kula petak.
11
Den sampun kula petak, tangtu punika sakalih, sami tedhak ing ngawiyat,
ya ta bramana tali, sigra petak tumuli, sakalih nulya tumurun, ingkang
nama talibarata, lan kang nama Prawatali, sakarone wus, minggah
ngayunan rama.
12
48
13
Malak mandar darbe tedhak, amangku sundha nagari, Dangyang
Brajakawat nabda, mung wonten melang sakedhik, pun adhi Brajawati,
wewesen sarananipun bilih sang nata Sundha, mange boten miyatani,
dados wudhu ing Sundha den antuk wiring.
14
Dhayang parwatali nabda, mangsa ngijira sang aji, karana pidhanget kula,
Prabu Linggaiyang sami, sarananipun wesi, pinten-pinten selir lampus,
ingkang pejah dinahar, boten amindhoni malih pramilane angupaya
tandhangira.
15
Dhayang Talibarat nabda, tan kaping kalih adhi, kedah tinaros kentasa,
punika ingkang nglakoni, kranten dede lare alit, bokmanawi mangke sigug,
dados kita kesseman, ing wedra kirang panari, boten dados basa jadra
ponsasmata.
16
Ya ta DEWI Braja rara, punika sampun tinari, den piyambeke kinarsa, ing
ratu Sundha negari, paran ati lumiring, atawa ing tan purun, Brajawati
aturnya, kahula amdherek maring, sakarsane andherek dhateng jeng
rama.
17
Kahula darma lumampah, awon penes panitihing, wongtuwa datan pejah,
kahula liwarsa demi, ya ta bramana Tali, ing manah kalangkung sukur, re
kang putra sumandha, ing karsane rama yugi, dadya turun rena
ngaturaken putra.
18
Brajawati wus pinuja, ing jati dipun dandosi, sarananing katewangan, ing
parahu kang den apti, dening kadang kakalih, Parwatali namanipun,
kalawan sang Talibarat, kang angeteraken rayi, Brajawati lalayaran maring
Sundha.
19
49
PUPUH XVI
KINANTHI
01
Sang prabu Linggaiyang langkung, rena karawuhan putri, kadi sutaning
bramana, oliye alaki rabi, wus angrasa katimbangan, lanang wesi wadon
wesi, mulane arjaning krama, malah sampung Brajawati.
02
Bobot angsal pitung tangsul, salamine anggar binim pepengene warna-
warna, kang ora jamak dening, pinangan dening manusa, parandene den
esiri.
03
Kapengen adhahar kunyuk, ora den sembelih maning, ora lawan
minatengan, mung den panjingaken dening, kadut den kocok kaduga,
kunyuk mati den tonyoi.
04
Kulite deng masih wulu, daginge benyo ayiyid, den enggo embut-
tembutan, dharahe den palothoti, mangkana den kadengngangan, dening
Linggaiyang dadi.
05
Sedhot hawa manah ipun, ningali dhateng kang rayi, ora kaya Braja rara,
kang ngemong kadang kakalih, Parwatali Talibarat, atumon ipene runtik.
06
Anulya sigra tumurun, sing awang-awang tumuli, kang ngusap ing bathuk
ira, Brajawali enggal dadi, kang sengit dumadi welas, teka eman teka sih.
07
Lami-lami ning tumuwus, Brajawati sajen maning, pepengen ing dhaharan,
cicindhil kang masih abrit, den dhahar urip-eripan, den tutulaken ing petis.
08
50
Den kadengangan sang prabu, iya timbul sengit maning, dhumateng sang
Braja rara, ora kaya Parwatali, Talibarat ngusap muka, kang sengit babalik
asih.
09
Lami-lamining tumuwuh, pepengene sajen maning, ing cacing urip-uripan,
tengtu lelet den patheni, mangkana yen kadengangan, mring nata girig
sengit.
10
Tan kaya yen wus tumurun, Talibarat Parwatali, angusp bathuking kadang,
kang mungga kirig ika dadi, kumokod babalan pisan, dumadi kanggep
alaki.
11
Lami-lamining tumuwuh, ana kang dadi kulilip, maring karajaan Sundha,
ora nama liyan maning, Suhunan Panggungkancana, darbe manah tulak
serik.
12
Re kang putra wau lampus, Lutungkasarung kalindih, dening Prabu
Linggaiyang, dening parecel kumaki, wani wong tuwa si setan,
pangganggo asu griwani.
13
Pira wareke wong munggu, ora sabar angenteni, ing sirrane kang yuga,
angrumpak turus abecik, mapan den mepes kang yuga, apa layak
anyuluri.
14
Ari iku sawat-sawud, godhog rontok rug-rug wit, pasthine ya sinangkasal,
nagning ora arju margi, kaya ta beyating jalmi ditya, duduta beyating jalmi.
15
Mengko uga tanggu isun, mangsa lawas angartoni, iku kang
Lokambadhigal, lawan ora arju margi, nandhang sekeling wong tuwa, aja
dumeh anduluri.
16
Anduluri sota iku, kapokok broktak dening, anak lagi duwe pejah, samono
lagi ngalahi, wong tuwa kendhang sangaja, nyingkiri wirang lan isin.
51
17
Wondene Lutungkasarung, semaune amateni, bramana Linggabuwana,
ora paido wong lagi, ngambing-ngambing rabi mula, kang lagi penyakit
elik.
18
Teka anuli den jaluk, di akon nganggo wajani, la iku lebune apa, tumon
nambakaken rabi, ya ika bramana kaparat, binatang si tai olih.
19
Nah kala napsune metu, ika dadi banaspati, ngejer ana ing gegana,
malang-miling saban bengi, wong Pajajaran pra samya, kaget ketembe
ningali.
20
Mung ta apa murub iku, katone ing wektu bengi, ana kang ngarani teja,
ana nengge lintang ngalih, waneh ngarani kamangmang, ana nyana tapak
angin.
21
Waneh angrebut kang dudu, deningan sinaban bengi, kaya latune ing
lintang, kanggo surup nganggo kedhing, parek maring sulaksana,
sutejane wong abecik.
22
Parek ing lintang kemukus, datan bengi sawatawis, lawase wis sangang
dina, pareng wengine tumuli, anyarengi sri narendra, Linggaiyang sami
didis.
23
Kalih garwa ingkang wau, siweg bobot madhang sasi, angideri tataman,
murnama dening ring-ring, para bibi para inya, kalangkung ing suka ati.
24
Ameng-ameng ing lalangun, rembesa angulinting, kesel sira ganti siram,
ing pancuran sanga sami, patelesan cindhe jenar, sang aji atilar guling.
25
Sabab agamaning Galuh, yen purnama tilar guling, yen tanggal pisan
apantang, yen combana lan istri, yen tengange lawan pajar, apantang
barang den bukti.
52
26
Sadangune ing dalu, nelasaken agiyak-giyak, purnama sajroning putri,
waneh ingkang makidungan, anggending jala wekunyit.
27
Kang murup-murup sing dhuwur, tema warna banaspati, namber lir kilat
sayuta, Linggaiyang sirna lalis, den samber sinawa musna, dhumateng
jongging sawargi.
28
Wong dalem geger gumuruh, tangise kelangan gusti, awit suka teka
dhuka, Brajawati karuna jrit, kantaka ping nem sadela, kagete kelangan
laki.
PUPUH XVII
ASMARANDANA
01
Prabu sepuh atitilik, lalayad wusa ing waya, gapuh aris kandikane, e-
putuku Braja rara, wuwusen lamonika, wus papasthene Yang Agung, kudu
mung samono sira.
02
Jodho lawan putu mami, mung siwewetengan ira, ingkang gedhe
pangrekdane, tarimane ati nira, iku kang mangko gadhang, susulure
ramanipun, den salamet urip delap.
03
Aja sira gawe ati, sasirnane lakinira, mangksa dadiya sangsayane, awak
ira wuseng arja, sira momonga anak, salamet besuk yen metu, estrenana
madeg nata.
04
Ing sacangkoke sudarmi, kawasa sira murbaa, apa lakinira bae, lan ika
sadulur ira, loro becik jagaa, kaponakane yen metu, iku padha den
kareksa.
05
Talibarat Parwatali, duk lagi ingucap teka, dadak sakala turune, saking
awang-awang nembah, ing ngarsane sang nata, pinarcaya sira gupuh,
kadika Ciyungwanara.
53
06
Talibarat den abecik, jaga kaponakan nira, Parwatali aja gape, embok ana
bala wita, isun pracaya ing sira, ya Talibarat matur sandika ing karsa nata.
07
Ya ta lami-lami, wewetengane si rara, Brajawati dening sejen, ora kajamak
lan jalma, yuganira tahunan, ana melang lara busung, sawane atur usada.
08
Dhudhukun ana anambani, ana nyempad nyata jabang, dening si
goronjolane, ana nyempad banget kelang, atos kabina-bina, nyata ika
lamon watu, ing jero garba punika.
09
Ya ta lamining lami, ana maning duracara, banaspati kang manglawe,
tumiling ing awang-awang, seja ika nyambera, maring Brajawati wau, seja
denjaragan sirna.
10
Ora kaya Purwatali, kalihira Talibarat, kalangkung ya ing jagane, anulak
ing bala wita, bales pati konangan, den tulak padha kawur, tanama wani
pareke.
11
Braja rara estu kapti, Talibarat kang anjaga, sirna bala wita kabeh,
salinggihe Braja rara, ana ing rat Pasundhan, tan ana amaling kecu,
menak pra kuwu sumembah.
12
Wus kadi raja pawestri, angreh Sundha sigar wetan, apa ingsun
cacangkoke, waktu nata Linggaiyang, karta buwana ira, kaumban roro
sadulur, Parwatali Talibarat.
13
Mangka dhateng waktuneki, Brajawati nulya babar, ora jamak ing rupane,
prayayine dudu bocah, rupane ika kadya, galundhung lir gandhik watu, ora
asipat ing jalma.
14
Nanging ika obah mosik, galang-geleng ing tatampa, baleger lir gandhik
bae, geger ing wong dalem pura, ana jabang tan jamak, enggal rawuh
prabu sepuh, maraja Ciyungwanara.
54
15
Aningali jabang bayi, girap-girap sabdanira, la iki nuli kaprimen, ana urip
tanpa rupa, iki jenenge apa, gumaluntung kaya watu, ana obah ora swara.
16
Kapremen dayane iki, dening iku buyut ingwang, ora kajamak rupane, nuli
kapara mentala, ambrih dadi manusa, ing mangko dadi susulur, iku kang
wus ora nana.
17
La coba undangan gelis, iku embok nyai indhang, Gunung Sakati watune,
ika wong tuwa manawa, sugih reka pandaya, maring kang mengkono iku,
manawi wus nemu luwang.
18
Sigra mangkat angaturi, jeng Nyai Sukati indhang, tan kawarna ing
lampahe, akocap sapraptanira, si Indhang Sakati ika, ningali jabang lir
watu, ora endhas ora tangan.
19
Gulundhung wis apa gandhik, kipya-kipyahe nyi indhang, ora guna ora
gawe, wong anak-anak bok apa, kang bener aja sarar, ting-banting aja na
wuruk, sudi gawe anak Sundha.
20
Luluhur ingkang mayungi, pingnangeran ing jawata, ruruhe marga benere,
aja anerus simpangan, sang kama-kama dadya, kamapmaja kamaptulus,
dohena gungsu minggaha.
21
Nuli nyi Indhang Sukati, ambabar punang paesan, kinacekaken age,
maring Dewi Brajawati, wusing kadi mangkana, den kakacakaken gupuh,
ing jabang kang kadi tosan.
22
Sakedhap nuli anjerit, jabang bayi nangis ira, jebol katingal endhase, nuli
sinembur den irag, jebol metu kang tangan, kuranggeyan nyawuk-nyawuk,
nuli kinetab kang pada.
23
55
Jebol dadi metu sikil, sapurna wus sipat jalma, atos-atos pra semone,
Indhang Sukati ngandika, kamrala isi jabang, anurut ing kaki buyut, nurut
jalma dadi jalma.
24
Den saiki sun arani, si kacung munggwaya delap, si Linggawesi namane,
si buyut kang gawe aran, ambridelap agesang, kanggo nunute si buyut,
ana ing jagat Pasundhan.
25
Sadaya suka ing ati, Brajawati tumon ing putri, wis kajamak lawan uwong,
nuwang prabu Ciyungwanara, kalangkung sukanira, ningali kang kaya
wau, sampun kaya manusa.
PUPUH XVIII
MIJIL
01
Indhang Sukati awewekas jati, maring sang dewi reko, poma-poma nini aja
aweh, panduman salamet benjing, si kacung den eling, sandenge
tumuwuh.
02
Ya pacuwan ilok akakaca dhiri, kakaca angilo, iya kacung kon pantang
sandenge, ora kena ngilo dhiri, tuwin ngilo caremin, tuwin ngilo banyu.
03
Pan mulane pantang ngilo carmin, krana iku wong, asal sing kono anane,
saking kaca timbole dadi, mula ja den kakacani, embok pulih watu.
04
Pulih watu lebar ingkang jati, poma den angartos, dadi braja aris
wangsulane, inggih kasuhun ing sihe nyai, yen tan ana nyai, tangtu ical
ruru.
05
Tedhakane kacung Linggawesi, boten dados ewong, galang gulung wikan
jenenge, dupi ika saking pun nyai, kang paring kamarin, saprakawis
nuhun.
06
56
07
Kula emutaken tan ing benjing, den sampuna angartos, ing basa basuki
jalma kabeh, datan wande kula wanti-wanti, pun kacung kapenging, akaca
ing besuk.
08
Ya tan Indhang Sukati wus pamit, kantun prabu kolot, Prabu
Ciyungwanara langkung sukane, prayayine den baraseni, den embang
tumuli, pinajengan agung.
09
Pan binakta munggah sitinggil, ginrabeg kabrabon, lan kadhingdhang
saruni salompret, calapitaka lawan suling, sinowara gelis, dening sang
prabu.
10
Prabu Ciyungwanara sru angling, la iki dengartos, kawula menak pra kuwu
sakabeh, iki jabang wus sun istreni, angadeg narpati, nyuluri kang lampus.
11
Pan sinebut Prabu Linggawesi, ing Sundha sang katong, ya pragul menak
sakabeh, pan gurumu samya matur inggih, sarta den sauri, ing ketuk
anglugur.
12
Geledhuging gurbaning ukir, kakseni den mangko, Linggawesi ing mangke
ingistren, ngadeg ratu sing jabang bayi, enggal murud sami, malebet ing
kadhatun.
13
Nelakaken prayayi sartaning, angandika reka, Parwatali Talibarat mangko,
enggonira jaga ngati-ati, maring si kacung aji, den becik atunggu.
14
Kaponakan aja sira cenger ngarsi, kang babasan embok, aja
gampangaken salir gawe, kang kalawan angati-ati, embok banaspati, kaya
mau-mau.
57
15
Sapa wruha nyamber jabang bayi, la sira sakaro, ora liyan ingkang patut
molek, arumaksa maring jabang bayi, mung sira sakalih, ingkang luwih
patut.
16
Prabu jabang si Linggawesi, ya ta ika karo, Parwatali Talibarat, atur
sembah ing sandika ugi, anulya sang aji, prabu sepuh mantuk.
17
Mring daleme wus acakapti, kocap sang katong, prabu jabang ing salami-
lamine, Talibarat lan Parwatali, ingkang ngaubi maring, (?) kalekanipun.
18
Prabu jabang ya sang Linggawesi, diwegira mangko, umur tigang tahun
jejege, darbe manah berag ing pawestri, sing aistri manjing, ing tobong
den susul.
19
Pan bagane dipun rogohi, dipun ingok-ingok, wong jro pura agawok atine,
dening iki majikan cilik, patute wus esir, maring wadon iku.
20
Dening ora kaliwat sawiji, ingkang manjing tobong, iya padha den sirik
sakabeh, sarta lamon ing mangsa ing wengi, yen waktu nyarengi, wadon
padha turu.
21
Den wiyak kapati den grayangi, ingiling den tonton, dadi enggo dodolan
duwena, pareng tangiya iku nuli, ora dhing-dhing kelir, den rengkot den
rangkul.
22
Den arasi den pareng ing istri, kang ati sumonggon, iya sida kuwel pareng
karasmen, saoli-olihing cilik, tandhinge pawestri, wis gopek sakrangulu.
23
Ya pinangrengkangi budi teni, kang putra samono, ratu Brajawati age,
memetheti ingkang para istri, kang cilik kang becik, pira-pira puluh.
24
58
Den go selir ingkang putra aji, langkung den gegembyong, den pantha-
pantha adi warnane, den embani sinureni, dipun wiwidahi, burat ganda
arum.
25
Kadya sekara sataman kang asri, warna-warni katon, kadya lintang
gumelar aneng, langit warna ing para selir, ingkang cilik-cilik, ing watara
umur.
26
Nelung tahun istri becik-becik, wus pating pancorong, sinijang abrit
sakabeh, parandene prabu Linggawesi, tan karsa nyangkrami, istri cilik iku.
27
Karanane ingkang wus bibit, kang dhenok kang sempwo, kang mragaga
dedege gedhe, kang wis sarwa gamoling kapti, mangkana sang aji, suk ing
karsanipun.
PUPUH XIX
MEGATRUH
01
Indhang Sukati awewekas jati, tumingal maring kang siwi, teka ing
karemenipun, maring kang gedhe kang uwis, bandhot menthonge
ambewok.
02
Ya pondhodhang dhadhinge masih sepanudu, ya ta ingkang ibu nuli,
methet ingkang sepuh-sepuh, kang wus marga kabecik, kang gamol
gandhes acemol.
03
Pirang-pirang selir kang adhenok cangking, rasti kang pirang-pirang puluh,
malah agung ingkang sami, bobot ana pitu wadon.
04
Teka wayah babar sakapitunipun, dadi kaya dudu siwi, kaya adhine
puniku, jabang pitu abecik, warnane rampak yen tinon.
05
Padha bae gedhene lare pipitu, prabu sepuh angrawuhi, Ciyungwanara
ndulu, canggah pitu bungahi ati, kaya adhine kemawon.
59
06
Kaya adhine si Lingga iku, dudu kaya kang siwi, ya si Linggawewi iku,
mutrani pipitu reko.
07
Lanang kabeh ing sapitunipun, Ciyungwanara ling aris, la iki ya canggah
isun, pipitune sun arani, si Linggabuwana katon.
08
Kang sijine Linggapakuwan jenengipun, lawan sawijine maning,
Linggasana naminipun, iku sawijine maning, Linggasri namining wong.
09
Linggaerang Linggamurti Linggarayu, sakapitune ing benjing, kon ngudang
kakang la iku, ya maring si Linggawesi, den kaya sadulur medhok.
10
Linggawesi ngundanga adhi maring iku, maring kapipitu iki, karanane sira
durung, pantes mangko anganaki, rong prakarane dha rapon.
11
Delap ika anak ira kang pipitu, lumayan rempeging urip, kanggo
gegerebeg ngunggu, bala sadulur kumaritig, turanta anak sajatos.
12
Aeng temen inglalakon ira iku, ana ta wong masih cilik, aduwe anak pipitu,
bari rampak gumariwis, gumredeg lir anak enthok.
13
Parwatali Talibarat aturipun, sandika ing titah aji, menanten uga kadulur,
angraksa tedhakan aji, lumampah idhin sang katong.
14
Prabu Ciyungwanara sampun amurud, kocap sang Linggawesi, iya sate
masih timur, naging pangertose kadi, ratu ginotama mangko.
15
Yen wis linggih ing korsi gadhing rinubung, ing para selir kang ngapti, kang
padaha adhunuk-dhunuk, kang aputih kang akuning, kang nyenyokar
melok-melok.
60
16
Ingkang mobyong kang empuk panggarapipun, kang cepol angaca piring,
ya ikut kang raket ngayun, nalendrane sagegethik, selire abentrok-bentrok.
17
Lan kang padha anggemeng kombalanipun, ora nana liyan maning,
kabelani pundha iku, wadon ireng-ireng manis, ingkang bobokong
anggeyol.
18
Prabu lare Linggawesi masih timur, karemane ingkang uwis, angrambaka
bokongipun, wus tuwukan sagunging, karsa kang para samono.
19
Prabu Linggawesi jengger tuwuhipun, ing Pajajaran muponi, sagunge
menak pra kuwu, bang wetan salir kumilip, padha anjum sila panor.
20
Ya gul menak asribawat samya riyung, sinaroja ing bupati, Prabu
Linggawesi mangun, malih kapatiyan nami, Kiyan Patih Bandhungkrayo.
21
Lan tumenggung Sukabeling naminipun, asale saking Keling, bangsaning
koja guludhung, andel-andel Pakuaji, wani mati solot-pogot.
22
Ki Demang Alurkoneng kang pinangka dipun, pecat tandha adhir-adhir,
Menak Podhang Ujungberung, lan Ngabehi Tegalbibis, kang lebda karya
ing kono.
23
Kang tut wuntat ing sang nata ngalor ngidul, iyang-iyung kanthi wiri,
ameng-ameng maring luwung, amandhikudhing jamparing, abandring
cohok.
24
Ngayok alas arame surak gumuruh, paburuhe bangkit-bangkit, angungsen
kidang apaul, ana pingkal salih angrok, gurnata garungune bedhil, sing
kidul sing elor.
25
61
Pan tawura swaraning gutuk puniku, ting sariwik nganan ngering, wetan
kulon ting careluk, padha retak anguneni, cala bangir kang pada lok.
26
Alok buron kaburu-buru alaju, sadaya ambedhak sami, laradan alayu-layu,
ting barisat sami lari, waneh kang padha nalosob.
27
Yen wus tutug abuburu aneng luwung, nuli padha ganti ulin, nuli samya
ngundha manuk, ana ameng-ameng gathik, ana panggalan agacon.
28
Ora suwe jajangkungan ngalor ngidul, nuli areyog asrih, begog anjog
langunipun, sabagi-bagiha ulin, ana pingkal silih angrok.
29
Rog-rogan ting bilulung ngalor ngidul, ora suwe asukati, dodolan raraton
umyung, gumuruh pating jalerit, tan suwe ujungan kang wong.
PUPUH XX
MIJIL
01
Sedangune suka-sukawan tu bocah, tan adangu tumuli, ageger ing
tawang, ana wowolu dhustha, banaspati ngarah aji, sapraptanira, kang
seja den samberi.
02
Milang-miling kumrab ana ing tawang, sumyak amobat-mabit, ing gagana
galak, kadi ulung babahak, kang sadya anyamber pitik, tan antara ika,
Parwatali akali.
03
Talibarat amapang ing awang-awang, sakehe banaspati, padha
tinangsulan, sakabeh pan kena, kagandheng anjok ing bumi, pating
kurenyang, pating jalegir ing bumi.
04
Samya tinonton dening wong sadalem pura, aeng temen sun tingali,
raining kamang-mang, awake kaya buta, sikile nungsang ming nginggil,
rambut maudag, mobyong-mobyong lir geni.
62
05
Untunya ngisis baris sakampak-kampak, lambe kandel malenthing, ilate
amedal, amelet anggigila, mana sabendhe mundelik, eluhe wisa,
marakbak kadi geni.
06
Iler yiyid murub la ika padha, wowolu banaspati, padha cinancangan, ing
witing pakujajar, dadi ingon-ingonaning, nata Pakuwan, sang Prabu
Linggawesi.
07
Ting burangkang aneng witing pakujajar, de go dodolan pranti, ing ameng-
amengan, ing wengi suk awana, rame-rame ingkang sami, asuka-suka,
ambebeda banaspati.
08
Sawengi-wengi tuwin sadina-dina, sang prabu Linggawesi, dodolan
kamang-mang, sarta wong dalem pura, kalangkung sukaning ati, lan
kinepokan, amawi den suraki.
09
Banaspati lamine den ingu delap, den pakan lawan daging, daging buron
alas, saparti ngingu macan, lan ta ana jalmi, kang ukum pejah, den
pakakaken belis.
10
Maring iku adat purba Pajajaran, den go ambuwang jalmi, mangkana ya
ika, pala karta Pajajaran, kaparing lamining lami, suliha tedhak, meraja
Banaspati.
11
Sadya nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat,
endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah
suka akasmi.
12
Rencang kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami,
jengandika cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni,
kang muga-muga, kabeh dipun uculi, kang ukum pejah, den pakakaken
belis.
13
63
14
Sadya nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat,
endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah
suka akasmi.
15
Rencang kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami,
jengandika cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni,
kang muga-muga, kabeh dipun uculi.
16
Gih sumangga kabeh padha sarat tobat, lawan sumpah kang candri, kang
babasan aja, wani-wani gaweya, ingkang kadi wingi uning, kula kang
dadya, saksining seja pati.
17
Pan sejane banaspati satedhaira, tan genah wani-wani, duriyat Pajajaran,
balikan kudu jaga, ing duriyat Pakuaji, ing ngendi prana, ingkang anak
putu aji.
18
Pasthi iku banaspati iku jaga, kemit maring sang aji, tedhak Pajajaran. Ika
kang sinambangan, sok nang gunung sok nang pasir, kamang-mang jaga,
turuna Linggawesi.
19
Tan pracaya sumangga atetep jaga, dumadak lirwa jangji, ungseden
maningala, rantenen pakarsa ngolahi, lan sanadyana, den pajahana
mangkin.
20
Kula boten lajeng nanggel kang acidra, kang wolu banaspati, yen mangke
cidraa, kula dhewek kang tandang, mejahi babu pribadi, dingge punapa,
anguripi ing wewering.
21
64
Ya ta sira Parwatali seja marma, Talibarat pon ugi, seja apracaya, maring
raja endhas bang, Yang Maraja Banaspati, prajangjinira, amintal usul ing
abdi.
22
Parwatali Talibarat ing sabdanira, yen mangkono ya becik, nangi kita
padha, pranjangji lawan sumpah, banaspati wolu sami.
23
Iku dhateng banaspati wolu sigra, den culaken tumuli, banaspati padha,
nembah dhateng sang nata, ngaturaken ingkang abdi, kang pangawula,
rumaksaa ing jeng gusti.
24
Pramilane Pajajaran akeh kamang-mang, kang kakayon ana hing, gubug
sawahan, suwawona ing tetelar, nguwel-tuwel kadi geni, manecat ilang,
cat katong dening jalmi.
25
Ana meled-meled aneng gubug-gubug padha, angleledhek wong ngarit,
gone gigila, malayua genudhang, duga pegel kang lumari, napase
kesotan, mogok kang den baleding.
26
Kamang-mang tinangkeb lawan keranjang, gelethak dadi lupi, mangkana
kang adat, jar bangsa siluman, nanging kamang-mang cawiri, tan amikara,
amung samemedeni.
PUPUH XXI
LADRANG
01
Sadangune suka-sukawan tu bocah, yawis tobat, ing wuri tat Linggawesi,
satedhake dadya pangregep kewala.
02
Pramilane Praburara Linggawesi, yen kekesahan, ing wengi kang peteng
nuli, ya kamang-mang pinangka damar ing lampah.
03
Mobyor-mobyor kaya obor atut margi, ing lampah, kamang-mang padha
angiring, satedhake sang ratu ing Pajajaran.
65
04
Ya angraksa ing sabandu kulawargi Pajajaran, awake manungsang
menginggil, ya kamang-mang iku endhas kewala.
05
Yen tawiri kamang-mang awake paksi wus marena, sabagi-bagi, kawarnaa
Prabu Linggawesi nata.
06
Wus prajaka yuswa umur salawe warsi, ingkang putra, pipitu kadi wargi,
rantab-rantab sakabeh namane lingga.
07
Linggapakuwan tanopen Linggasari Linggasana, Linggaerong
Linggamurti, Linggarahayu kalawan Linggabuwana.
08
Kapitune wus alinggih bupati namanira, sakabeh sinebut nami, kang
kaprabon pipitu ing Pajajaran.
09
Kang pinangka bala ratune Linggawesi jenggerjagat, Pajajaran duk
jamaning, iya iku amengku purbanagara.
10
Iya iku sang prabu Yang Linggawesi Linggatosan, babalik remen ing alit,
maring wadon marucupe lagya.
11
Ingkang durung susune kumaringkil, wadon ingkang, masih rata kang
pepenthil, kadya kaya susuning bocah lanang.
12
Wau pupak ya iku kang karemani dadya ika, kang ibu amemetheti, wadon
cilik wus angsal kang kawandasa.
13
Gumariwis pan kaya bebek memeri agiringan, sagendhongan kumraritig,
denpahesi sandhangan kang adi pelag.
14
66
25
Mungguh sire iku Prabu Linggawesi maring bocah, kang tembe pupak
sawiji, kumokod pisan ing bocah perawan pelag.
26
Ya sang prabu dadi ora duwe selir, maring bocah, kang wus lungse
sathithik, ora esir maring bocah kang wus tarab.
27
Kang wus reseb padha miretan kawangking kaparek kang, lare ingkang
durung gething, iya iku kang kinarsakaken nata.
28
Ya sang prabu Linggawesi lir lare alit yen dodolan, yen mangsaning udan
nuli, ya selire padha katimbalan wuwuda.
29
Aing latar anuli dipun suraki, lawan dinar, ya ta sakathaning selir, kang
wuwuda rebut dhingin ruru dinar.
PUPUH XXII
01
Kang sinebut namaning kang raja sunu, Prabu Linggawayang, sinungan
kabopatene, Bantalwaru ika ing cacangkok ira.
02
Ya mangkana Prabu Linggawesi mundhut, putrine wiliyang, Dewi
Cibongas namane, gih punika nembe umur dasa warsa.
03
Sacareme ing kana kinarsa jatu nata Pajajaran pinangka bini ajine, malah
iku sampun miyosaken putra.
04
Lanang ingkang sinebut ing naminipun, Prabu Linggarasa, sinungan ing
kabopatenen, Karangsambung Purakadhongdhong Malangya.
05
67
06
Sinaptanan sampun pinrih jatu, ing dhatu Pakuwan, pinangka iku sang
katong, careming sang sampun miyosaken putra.
07
Lanang ingkang sinebut saparab ipun, ing raja kaputran, Prabu
Linggaening reko, pan sinukan kabopaten Sokalaya.
08
Lami-lami Prabu Linggawesi mundhut krama putri nira, Sunan Gunung
Puntanggedhe, ingkang nata Dewi Rara Lisniutama.
09
Pon ya tunggal anembe yuswa sapuluh tahun wis pinuja, prameswari
aneng kono, pan amurba para garwa ing Pakuwan.
10
Intening wadon ing pura Pakuwan agung, iku prameswara, Rara Lisni ing
jenenge, ketang garwa waruju nanging kang dadya.
11
La yen mangking gamparan ika sang prabu, nyarengi kang garwa, lari
gulingan ya age, ing karsane inguculan kang gamparan.
12
Arumaksa bilih kagete sang jatu, garwa kinasihan, kakasihing segedhene,
damak-dimik lumampahe ta sang nata.
13
Genya tumpek ponjan asigarwanipun tansah pala-pala, mila sang
prameswarine, ya wus bobot ananging ora kajamak.
14
Atahunan anggene ameteng iku, ora baba-babar, wus pirang-pirang
lawase, kang dhudhukun anggrarayang sing dhi ora.
15
Kang sawane angarani rara busung, kawelehe ika, dening tan ana rasane,
dupi busung akundhangan rasa lara.
68
16
Dupi iku ya kaya wong meteng iku, sejene mung lawas, ora na
bebeleyane, kang sawane ambadhek lamon kawaya.
17
Kawelehe dening katilap ing ngujum, tan katara pucat, ora rumab ora
nonjok, panyanane masih gumilang padhang.
18
Kang sawane lamon ika malembung, kanginan ika, kawelehe ika deneng,
ora katon urat kang pating karenyang.
19
Dupi tingal ajar lawan wiwiku, den iya sanyata, mateng sang dewi
samangke, isi jabang supaya tan karsa medal.
20
Ya sang Prabu Linggawesi ing tanyanipun, la prepun baya, paman ajar
tarekange, dra pon medal si jabang duk kaya saban.
21
Para ajar sabane boten pikantuk, yen mange medala, kadesak wedale
dhewek, boten kenging den paksa-paksa medala.
22
Ya sang Prabu Linggawesi pan dhedhesipun, iya kena apa, paman ajar
satemene, weharena aja sabda kang den garba.
23
Para ajar para wiku sabdanipun, gih boten gadug, boten kilap ing sang
katong, mangsa boten ing gelar ing waskithaa.
24
Ya sang Prabu Linggawesi dhedhes gapuh, paman ajar dika, aja gamam
ing awale, babarane ing suka atawa dhuka.
25
Para ajar awale babar pamuwus, ye punika jabang, ing mangke tulus
wewedhe, kudu dang nata rumiyin ingkang asirna.
PUPUH XXIII
69
SINOM
01
Tan anatara sang nata, tarengkep ana ing, nang latar lan prameswara,
kalangenan den ideri, ing adining puri, awit rebah watangiku, ngadhem-
adhem ing pantara, paninisan angemba ing, ana wang-wang lalangenan
karta yasa.
02
Ingkang abanjar wangunan, wus katingal sadayaning, ingkang ngadi ing
ngadhenan, giyak-giyak wong jro puri, andherek ing sang aji, sarupane
parekan agung, samya suka ati, pan kalilan ing nata acangkraman.
03
Brajawati apotusan, emban amintara aglis, ing anak isun nata, tuturen den
ujar mami, la sendekala iki, wong dhodholan reren kudu, gampang
mengko wus miwat, sendhekala ngalas maning, ya kon manjing dhingin
maring padaleman.
04
Isun iki enak, kumepyar rasaning ati, kepyar rasaning ati, kepyar-kepyur
taragdagan, melang dhirine kang siwi, sendhekala sukati, duduwa dining
gumuyu, ya ta caraka wus kebat, prapta nembah nuhun gusti, ing paduka
gusti jandika katuuran.
05
Dening ibu dalem ratna, katuran mantuk ing puri, puniki pan sendhekala,
gampil manghkin lekas malih, sapunika timbalaning, ibu dalem ratna wau,
boten sakeca ing manah, dangu wonten taman sari, Prabu Linggawesi
wau sabdanira.
06
Mengko isun mulih ngomah, ya mengko sadela maning, gumuruh kang
suka-suka, dupi iku kapiyarsi, ingkang ibu raja dewi, wong den penging
andalarung, mung siku adating apa, ora ngrungu pamarahing, banget
melang ing ila-ila ing kuna.
07
Ingkang aran sendhekala, tan kena barang sukati, susulan maning la ika,
age mantuk dalem puri, nembah matur ing gusti, jandika katuran mantuk,
timbalane ibu nata, punika kawanti-wanti, sendhekala boten suka meng
amengan.
70
08
Gampil mangke yen kalintang, saking wanci pacek desi, Prabu Lingawesi
nabda, ya mange gak arep mulih, sira jacraweya ing mami, wis neng kene
bae iku, aja balik marana, sawusing kadi kamangkin, masih kadi bocah
alas wuwu cawak-wak.
09
Ganti mara asu aba, gumuruha warna-warni, abane antong wirasa, ya ta
Dewi Brajawati, kalangkung dhegel ing ati, anjog sajanira nusul, dhateng
panggenan putra, ya ta sang prabu wus uning, yen kang ibu rawuh pan
samya umpetan.
10
Sirep ora ana kang swara, ora na abacut mewit, pating salindhut singidan,
kang ibu kelangan lari, ngandika mung ta iki, kang baribin padha mampus,
maring ngendi Linggatosan, rabine kapadhan maning, ya si Rara Lisni
baranyak tandhungwaya.
11
Sandhekala wong kang kuna, ila-ila bari iki, dheweke lagi garbana, wong
meteng ya kudu wedi, kudu duwe pamali, aja lok sawaya laku, mapan si
dhewekw ika, meteng tan jamak lan jalmi, datan babar nuli lelewane pisan.
12
Mung ta padha asingidan, umpetan kang maring ngendi, dhigal temen
atiningwang, dening lelewaning siwi, ora suwe ika hiji, kenang samber
mata prabu, ing mamala sendhekala, buduk namber mataneki, nata anjrit
agiro tur gedebugan.
13
Anjeli-jeli karuna, Rara Lisni aningali, kang raka kadi mangkana, ya dadi
milu anganis, adan wong jro puri, padha nangis sambetipun, gusti kita
kenang apa.
PUPUH XXIV
KINANTHI
01
Prameswari nira gupuh, Rara Lisni ical arti, duk tumingal ingkang raka, pan
kadya tambuh ingkang manah, kami ruru seneng ing ati.
71
02
Pan dadining sakatemu, ora kalawan pamili, katharak-thaak ing tingkah,
amundhut kacatu mulih, tiningalaken enggal, ingkang raka mukaneki.
03
Raka dika tingali iku, ing jro kaca kaeksi, ora wurung katingalan, iku kang
dadi kalilip, pan dika jiwit kewala, tan wande kalilip kenging.
04
Saestu kang garwa iku, yen sang nata boya uning, pantangan lamon
kakaca, pramilane gelis ambil, amundhut carmin punika, dipun
tamengaken aglis.
05
Marang wadana sang prabu, Linggawesi aninggali, pan mangkana tan
kemutan, welinge ingdhang Sakati, ya den penging akakaca, ing
pantangane sang aji.
06
Ora kaya dening iku, guragapaning asakit, tan kemutan apa-apa, kang
garwa mintoken carmin, ing sarira kang nata, teka tan kemutan iki.
07
Sareng ngilo kaca wau, katingalan sarira neki, adan geblang ya sang nata,
iku dadi wesi malih, kaledhug ingkang sawara, ing lemah baleger gandhik,
prapta ing kana lalawad, angandika mituturi, ya wis padha ing pasrah sira,
wis karsaning Yangandum titi.
16
Ora ana gunane iku, ya wus katalaya dadi, kadalang suhing ngungkara,
mangsa ababalik maning, wong wis dadi padha pisan, laku lalis tan ping
kalih.
17
Mapan mangsanaa iku, udan kang wus timbang siti, nuli balik ing
ngawiyat, mapan reke sami neki, kembang kang wis megar ika,
mangsanaa kudhup maning.
18
Lalu marag kembang iku, kang padha sengkel ing ati, balikan padha
rerepa, mangke gadhang timbul mijil, saking garba wewetengan, Rara
Lisni tahunan iki, Linggawesi sampurna kena, ing pasentran candha warsi.
72
19
Ing pasisir kidul iku, pama ing pacendheneki, ya ta opyak para putra, pra
sami gelar ngasreni, kurnapane ingkang rama, kang sampun sirna alalis.
20
Samapta krajaan sampun, wus gumelar pangladhenging, kangmarapit
anjalana, ing margi andher awilis, tanpa pegatan lampahnya, pucuk
praptangpa candhening.
21
Kang layon wau sang prabu, datan mangkat saking puri, saking kathah
upacara, baris kang sabagi-bagi, pajeng asri payung kembar, payung
agung dhedhet kehing.
22
Lampahnya selur adulur, pan sasilir ing angin, sangkan-sangkan bae kudu
anemahi, ingkang arep cilaka.
PUPUH XXIV
01
Ora ana bedane ing jalmi, kang arep bagja sing sangkan-sangkan, kudu
bae nemu eleng, pramila kudu emut, nyai Brajawati kang silib, ora opyak
sawara, maring anak mantu, ing kalpantanganing anak, ya mangkana
anak mantu, kang tan uning, temah nrajang pantangan.
02
Den wis nrajang pantangan tan keni, yen dangdani ingkang aran sirna, ing
lalis tan kena wande, datan kena pindho laku, kudu bae amaspisani, ing
pati lawan merad, tunggaleku nipun, ingkang mingsa dhasaring toya,
ingkang ambes ngayangan dhasaring bumi, sakabeh iku tunggal.
03
Kang minglintang kang mingsurya sasi, kang sumurub ing jro garba, anang
gunung ing jro garba, anang gunung ing wetenge, ing jro wetenging watu,
pan sarupa lakuning pati, lincakan aneng buwana, dudu iku lampus, dudu
mati dudu pejah, pan kewala salin nagara den panggih, ananging den wis
pindah.
04
73
Ora mantra den abalik maning, mung sapisan sapisan kewala, tan
mindhoni lincakane, mulane laku iku, wus den becik wuwusen nini, amung
kari entenana, iya Rara iku, wewetengan titinggalan, Brajawati wuwuse
angemu tangis, nya mungga tulungga.
05
Wewetangan dra pon gelis lahir, den kajamak kalayan manusa, punapa
adat kang prantos, sampun takeran tahun, susah temen yen boten si nyai,
ingkang andaya-daya, nunten kaparipun, pola kula ngajab-ajab, ya aganti
tanpa anten-anten dugi, windon takeran warsa.
06
Inggih kula boten kilap nini, supayane tiyasa amedal, Indhang Sakati
sahure, isun jaluk kukudhung, wastra putih ingkang abecik, den barikut
sabadhan, lan ukupana kang agung, kira-kira sakalapa, isun pejah
dodolan ngundhang kang gaib, atawa mangurungan.
07
Lan anjaluk kembang kang wangi, ingkang warna kalawan dasa nedha,
jawada ing sawarnane, ya ing pasar kono iku, go sasajene kang gaib,
boreh wangi lan lenga, suri kacinipun, lan kembang campaka pethak,
karang melok aja na kari, iku sadiya kena. ☻
08
Ya ta Brajawati wus nimbali, wong jro pura kinen sadhiyaa, ya ta wus
pepek sakabeh, ing sasangen pamundhut, ipun Indhang Sakati, maragsag
ing ayunan, nyi Indhang kukudhung, putih sarta ngukup menyan,
sadangune muja rara den adhepi, maring kang meteng lawas.
---------------------------------------------------------------------------------------------------
------
Wonten candakipun (ada kelanjutannya) yaitu Babad Galuh II.
By alang alang Kumitir
Mas Kumitir