Menyang kontèn

Abul Wafa Muhammad Al-Buzjani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Abul Wafa Muhammad Al Buzjani

Abul wafa Muhammad Al-Buzjani ya iku tokoh pisanan kang ngenalaké sinus lan kosinus. dhèwèké dianggep duwé kaluwihan ing disiplin èlmu trigonometri.[1] Al-Buzjani lair ing Buzjan, Nishapur, Iran, 1 Ramelan 328 H utawa 10 JUni 940 M.[1] Dhèwèké akèh sinau marang seduluré ya iku Abu Amr al-Mughazili lan Abu Abdullah Muhammad ibn Anbasa.[1] Saliyané ngenalaké rumus triginometri, dhèwèké uga ngrembakakaké rumus géomètri, ya iku pucuk saka èlmu trigonomètri.[1] Salah sawijiné ya iku mecahaké soal géomètri kanthi nggunakaké kompas, konstruksi pesagi ekuivalèn, lan segi banyak utawa bangun dhatar parabola.[1] Nalika ngitung wajik bundheran, Al-Buzjani, Al-Buzjani madhaake karo wajik siku.[2] Kanthi téyori Manlau kang luwih disik misuwur, kang migunakaké aturan papat persamaan lan téyori bayangan, dhèwèké kasil gawé aturan anyar.[2] Ing wajik bunder kang duwé sudut lancip, manawa bisa tinemu téyori sinus.[2] ggunakake cara itung sinus 30, asil itungane ya iku wolung angka puluhan kang duwé nile padha kanthi nile akiki sinus.[2] Ing geometri, operasi itungan wigati banget sanajan isih kerep digunakaké cara itung India.[2] Ing mangsa modhèren iki, para ilmuwan duwé panyaruwe kang béda nalika kudu migunakaké téyori Al-Buzjani.[2] Pirang-pirang carané ngitung, kaya ta nglebokaké ayang-ayang tekan ayang-ayang inti, wajik sama sisih, utawa nglebokaké tugelan menyang tugelan iki, bisa ndadèkaké panyaruwe kang béda-béda ngenani sapa sabeneré pencetus téyori iki. Akèh kang nnganggep yèn Ahmad bin Abdullah utawa Bahbasy al-Hisab kang nemu téyori iki.[2]

cathetan Suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 7]
  2. a b c d e f g [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 8]