Menyang kontèn

Hasanuddin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sultan Hasanuddin)
Sultan Hasanuddin
(sumber: foto-foto.com)

Sultan Hasanuddin lair ing Makassar, Sulawesi Kidul, 12 Januari 1631-séda ing Makassar, Sulawesi Selatan, 12 Juni 1670 nalika umuré 39 taun dhèwèké yaiku Raja Gowa kaping 16 lan Pahlawan Nasional Indonésia ingkang lair nganggo jeneng I Mallombasi Bakir Dieng Mattawang Karaeng Bonto Mangepe dikubur ana ing Katangka, Makassar.[1] Sawisé melbu Islam, dhèwèké nambah gelar Sultan Hasanuddin Tumenanga Ri Balla Pangkana, kang kondhang Sultan Hasanuddin. [butuh sitiran]Karo kewanane, nganti jejuluk De Haantjes van Het Oosten saka Walanda kang tegesé Jago saka Bawana Wétan.[1] Sultan Hasanuddin, Si Ayam Jantan dari Timur.[butuh sitiran] Taun 1666,nalika jaman Walanda gencar-gencaré ngrebut bumbon crakèn saka pasaran ana ing Indonésia.[1] Sangisore pimpinan Laksmana Cornelis Speelman|Cornelis Speelman, pasukane ngupayakaké kasoring kraton-kraton cilik, nanging durung bisa ngasoraké Kraton Gowa.[1] Ananging wadyabalané sing saya gedhé ndadèkaké Kraton Gowa kepèpèt banjur tanggal 18 November 1667 nganakaké Bedhamèn Bungaya ning papan Bungaya.[2] Nang perjanjian iki, Gowa krasa dirugiake.[1] Karo perjanjian iki, Gowa merasa dirugikan.[2] Mula Sultan Hasanuddin ngadakake padudon manèh karo Londo, akiré Walanda njaluk rewang menyang Batavia.[2] Perjanjian Bongaya bisa uga disebat Bongaja ya iku perjanjian kang ditapak asmani kanthi tanggal 18 November|18 November 1667 ning Bungaya saka Kasultanan Gowa kang diwakili Sultan Hasanudin, lan saka pihak Londo diwakili Laksmana Cornelis Speelman|Laksmana Cornelis Speelman.[3] Rewang saka Batavia nambah tenaga wadyabala Londo, asile bisa mbrobos bètèng kang paling kuwat ya iku Bèntèng Sombaopu pas tanggal 12 Juni 1669.[4] nanging saka pihak sultan hasanuddin dhéwé durung nyerah amarga saka patine prajurit eneng semangat jihade, nanging semangat karo cacahé wadyabala uga senjatane antarané Londo karo Sultan Hasanuddin ora seimbang mula pas peperangan wadyabala sultan Hasanuddin akèh kang palastra lan mundur ing taun 1667.[4] Penyerahan iki tertuang ning perjanjian bongaya.[4] Sing nyebutke laladan-laladan taklukkan sultan hasanuddin kaya Sumbawa, Ternate, lan Buton diwenehke Walanda.[4] Aru Palaka kang dadi Sultan ning Bone kang duwé laladan kanthi gedhé lan uga seneng ngrewangi Walanda.[4] Sultan Hasanudin namung intok Guo karo Kutha Makassar.[4] Makame Sultan Hasanuddin ning pemakaman dalan Palantika, kalurahan Katangka, Kacamatan Somba Opu, Kabupatén Gowa, Sulawesi Kidul.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Situs Erwin Miradi Archived 2010-11-29 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 8 Mèi cbvhh2011)
  2. a b c Kidnesia.com (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  3. [1] (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  4. a b c d e f Kaskus[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 8 Mèi 2011)
  5. Wisma Melayu Archived 2010-03-04 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 8 Mèi 2011)